Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
27 dari 46
106–107 dari 225
1.058–1.067 dari 2.243
27.003 sampun sowan ing ngarsa sang aji | Amral matur alon | mêngsah dalêm wus kasor jurite | kongsul saking nagri Surawèsthi | akêmbul mariki | kathah kang kapupu ||
27.004 kagungan dalêm Nyai Sêtomi | sênjata kinaot | inggih dipun pandungi kenginge | dhatêng pun Ănggawăngsa ing latri | pinikul pribadi | duk pambêktanipun ||
27.005 langkung trusthanira sri bupati | angandika alon | mila sira sun undang marene | mungsuhira ngêmbul mring Kadhiri | lan pêpatih mami | Măndaraka lampus ||
27.006 dene kang sun gêntèkakên patih | Amral karsaningong | ya Si Anrangkusuma sun gawe | nguyunana wong ing nungsa Jawi | Amral anjurungi | ing karsa sang prabu ||
27.007 lan Si Ănggawăngsa karsa mami | sun paringi lunggoh | Surabaya kang sun paringake | lawan ingsun êlih arannèki | Jangrana Ngabèi | Amral pan jumurung ||
27.008 anadene Si Ănggajayèki | maksiha anèng jro | apan besuk ingsun prênahake | kunêng solahira sri bupati | kawuwusa malih | Ki Trunajayèku ||
27.009 apan sampun ingaturan [1: 164: ingatur...an] uning | yèn rawuh sang katong | saha bala ing Singkal barise | miwah ingkang saking Surawèsthi | Amral sampun prapti | anunggil sang prabu ||
27.010 langkung rakit tatane kang baris | tan kêna cinorok | Prabu Trunajaya lon dêlinge | marang Darmayuda kang sinungling | undhangana aglis | pra prawiraningsun ||
27.011 lamun ingsun arsa magut jurit | sagung wadyaningong | sun pratêlu besuk ing barise | Mangkuyuda kang nindhihi kering | kanan kang nindhihi | Darmayuda besuk ||
27.012 pilihana wong kang bêcik-bêcik | kang sayogya tanggon | wong Makasar kiwakna barise | prênahêna ing ngarsa pribadi | yèn nolèh ing wuri | sosogên ing ganjur ||
106–107 dari 225