Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 46
110–111 dari 225
1.095–1.104 dari 2.243
28.019 Kyai Bicak tinêmbang munya angangkang | wus ngagêm Kyai Gondhil | anyamêthi kuda | gêbyur marang bangawan | kali plabuhan mênyangking | ya ta sakala | kêna dipun sabrangi ||
28.020 palabuhan asate ilang rong duman | dadya toyanya kêdhik | wus kêna cinacak | têkan pêpikul nyabrang | sadaya wadya Kumpêni | samya anabrang | gumrah swaraning jalmi ||
28.021 pra dipatya sampun umêntas sadaya | wong Sampang anadhahi | akuwêl prangira | Tumênggung Suranata | pangamuke anglir bêlis | numbak amêdhang | anuduk angakahi ||
28.022 pra dipati sadaya angamuk rampak | wong Sampang anadhahi | pêngkuh barisira | ya ta Sang Kraèng Naba | sakumpênine dèn irit | mingêr angiwa | anglambung saking kering ||
28.023 sêntananya Galèngsong Dhaèng Mariwah | lawan Dhaèng Makincing | awas dènnya mulat | dulu Kêraèng Naba | sadulure gustinèki | dadya lumajar | mawut tan măngga pulih ||
28.024 sampun rusak tatane baris Madura | ingamuk pra dipati | miwah wong Walănda | tan anggop bêdhilira | wong Sampang dipun êdrèli | tan wontên tahan | miwah măncanagari ||
28.025 Prabu Trunajaya angawaki yuda | sakèhe wong sinêlir | tuwin punggawanya | sarêng angantêp yuda | samya ngamuk galong[1] pipit | pan katadhahan | dening bala Kumpêni ||
28.026 swaraning kang sênjata lir gêlap sasra | awor bêndhe gong bèri | myang kriciking [1: 169] kuda | awor tambur Walănda | lan pangadhuhing wong kanin | tanpa parungyan | lir ruging ardi wilis ||
28.027 Ki Tumênggung Mangkuyuda ing Madura | angamuk ngowak-ngawik | kang katrajang bubar | pan sampun katadhahan | dening kang para dipati | Ki Mangkuyuda | ing Kêdhu anadhahi ||
28.028 Mangkuyuda ing Kêdhu angêmbat watang | sigra amarêpêki | Mangkuyuda Sampang | tinumbak jajanira | têrus ing walikatnèki | sampun palastra | Dhandhangwacana aglis ||
110–111 dari 225

 


golong. (kembali)