Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28–29 dari 46
112–113 dari 225
1.114–1.123 dari 2.243
28.038 janma sirna obahe ingkang buwana |[1] bêdhahe ing Kadhiri | ya ta sri narendra | sawadya anèng kutha | miwah kang wadya Kumpêni | anèng jro kutha | tuwin wadya pasisir ||
28.039 pan rong dina dènnya masanggrahan kitha | enjing budhal sang aji | jujul Trunajaya | gumrah sawadyanira | datan kawarna ing margi | prapta ing Payak | masanggrahan sang aji ||
28.040 anèng Payak sri narendra nata bala | kinèn angêpung ardi | apan Trunajaya | mêmpên sanginggil arga | sela samya dèn cancangi | yèn ingunggahan | tinatas angglundhungi ||
28.041 gênging watu saêjun ana salumpang | wontên ingkang sakrambil | têkan tabonira | wênèh sagênthong gêngnya | tan kêna [1: 171] dipun unggahi | pan mung satunggal | margine dhandhang gêndhis ||
29. Dhandhanggula
29.001 kawarnaa wau sri bupati | siniwaka anèng pasanggrahan | pra dipati pêpak kabèh | Radèn Nrangkusumèku | Radèn Arya Sindurja nênggih | Dipati ing Ngurawan | nênggih jajaripun | Tumênggung Wirawidigda | Mangunonêng lan Binarong jajarnèki | Tumênggung Suranata ||
29.002 Ki Tumênggung Jangrana nèng ngarsi | para upsir munggèng ing ngayunan | miwah Amral Hèlduwèl Brèh | ngandika sang aprabu | marang Amral mundhut Kumpêni | anaa sabragada | arsa ingsun utus | anêlika wong Makasar | kang makuwon ing gunung Sampura nênggih | aran Dhaèng Mariwah ||
29.003 Busung Mêrnung lan Dhaèng Makincing | muwêr ana ing gunung Sampura | kang ngirida ing lampahe | Jangrana kang sun tuduh | Pasuruan sun kon nanduri | iya Si Ănggajaya | arana Tumênggung | Ănggajaya Pasuruan | ya ta Amral Hèlduwèl Brèh anjurungi | karsane sri narendra ||
29.004 sri narendra angandika malih | ampirana adhi Cakraningrat | nèng alas Lodhaya gone | konên seba maringsun | Ki Jangrana sigra wotsari | lèngsèr saking ngayunan | lan sabalanipun | lan Walănda sabragada | tan kawarna lampahe Ki Jangranèki | praptèng alas Lodhaya ||
29.005 kawarnaa kang dipun sakiti | Cakraningrat nèng alas Lodhaya | Trunajaya panggawene | punika pamanipun | mila datan kolu [1: 172: ko...lu] matèni | milane pinilara | ana ing wanagung | sêdyane Ki Trunajaya | ingkang paman matia dèn pangan eblis | nanging karsaning Sukma ||
29.006 Cakraningrat pan maksih basuki | kang nèng alas Lodhaya miyarsa | Trunajaya kajodhine | lawan wus madêg ratu | Adipati Anom Matawis | sira Ki Cakraningrat | asrêp manahipun | angrasa kalamun gêsang | wus adandan saanak rabinirèki | arsa seba mring Payak ||
112–113 dari 225

 


Tanggal: janma sirna obahe ingkang buwana (AJ 1601). Tahun AJ 1601 jatuh antara tanggal Masehi: 23 Februari 1678 sampai dengan 11 Februari 1679. (kembali)