Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 46
111–112 dari 225
1.106–1.115 dari 2.243
28.030 bubar larut barise wong ing Madura | miwah măncanagari | malêdug sarsaran | tan ana kang puliha | ngungsi kitha ing Kadhiri | Ki Trunajaya | pan sampun inêb kori ||
28.031 gya ingêlut dening kang para dipatya | miwah wadya Kumpêni | gumrêgut tandangnya | prapta pinggiring kutha | lawange wus dèn inêbi | Ki Darmayuda | wau kang têngga kori ||
28.032 Mangkuyuda ing Kêdhu pan sampun prapta | anèng jabaning kori | saksana jinêjak | lawang kori malêsat | ajur mumur bobrak-babrik | Ki Darmayuda | wau kang têngga kori ||
28.033 Mangkuyuda angêmbat watang jumangkah | Darmayuda nadhahi | dyan tumbak-tinumbak | lawan Ki Mangkuyuda | jro kori jawining kori | pan sarêng pasah | sarêng dènnya ngêmasi ||
28.034 Mangkuyuda [1: 170] mati sajawining lawang | Darmayuda ngêmasi | anèng jroning lawang | ya ta sagung dipatya | sadaya manjing jro kori | miwah Walănda | samya malêbèng kori ||
28.035 Trunajaya lolos saanak rabinya | angidul ngetan nênggih | marang Gunung Ngantang | sêdyane Trunajaya | wadyanira winatawis | wong sêsêliran | rongatus maksih ngiring ||
28.036 kawarnaa wau ta sri naranata | sampun ngaturan uning | yèn Ki Mangkuyuda | sampyuh lan Darmayuda | langkung ngungun sri bupati | kunarpanira | pan sampun dèn bêciki ||
28.037 Trunajaya katur lamun sampun kesah | ngidul ngetan mring ardi | Ngantang kang sinêdya | sang prabu langkung trustha | sigra umanjing kitha glis | saha balanya | prapta dèn sangkalani ||
28.038 janma sirna obahe ingkang buwana |[1] bêdhahe ing Kadhiri | ya ta sri narendra | sawadya anèng kutha | miwah kang wadya Kumpêni | anèng jro kutha | tuwin wadya pasisir ||
28.039 pan rong dina dènnya masanggrahan kitha | enjing budhal sang aji | jujul Trunajaya | gumrah sawadyanira | datan kawarna ing margi | prapta ing Payak | masanggrahan sang aji ||
111–112 dari 225

 


Tanggal: janma sirna obahe ingkang buwana (AJ 1601). Tahun AJ 1601 jatuh antara tanggal Masehi: 23 Februari 1678 sampai dengan 11 Februari 1679. (kembali)