Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 46
109–110 dari 225
1.084–1.093 dari 2.243
28.008 pucukane wong Mataram yèn lêgia | nadyan bongkote dhingin | asêpa kewala | măngsa endah apelag | ratu têdhake wong tani | angur macula | bari angona sapi ||
28.009 pirabara yèn padha lan Trunajaya | bèbèt Jaran Panolih | pan ratu kasusra | lah payo wong Mataram | dèn padha angungsi pati | sri naranata | sampun ngaturan uning ||
28.010 lamun Trunajaya asru asêsumbar | anèng têpining warih | langkung dukanira | jaja bang lir rinêngga | kumêdut padoning lathi | nitih turăngga | arsa ngawaki jurit ||
28.011 Kyai Baru sampun ingagêm nèng asta | kudane dèn camêthi | sagung pra punggawa [1: 167: pung...gawa] | samya gendholi kuda | umatur sarwi anangis | samya nyêngkulak | kêndhali dèn cêkêli ||
28.012 adhuh gusti sampun angawaki yuda | yèn maksih pra dipati | benjang ngawakana | yèn abdi sampun têlas | lilih wau sri bupati | asru ngandika | padha maguta jurit ||
28.013 atur sêmbah sagunging para dipatya | samya nitih turanggi | anindhihi bala | Tumênggung Suranata | bêngawan dipun gêbyuri | sasêntananya | tumut gêbyur ing warih ||
28.014 pan binendrong pambêdhil dening wong Sampang | nanging mêksa anglangi | ya ta balanya Mral | ambendrong saking wuntat | arang tutug mimisnèki | tiba ing têngah | olèh batur pribadi ||
28.015 Ki Tumênggung Suranata wangsul mêntas | Amral kang dèn parani | cinandhak astanya | Suranata sru ngucap | pagene sira bêdhili | têka ing wuntat | olèh batur pribadi ||
28.016 angur sira dadia mungsuh wasisan | ja tanggung sun kêmbari | Amral angrarêpa | sun mentak ampun sira | apan ingsun tan udani | yèn olèh rowang | mungsuh sêdya sun bêdhil ||
28.017 Suranata sampun sigra nitih kuda | wangsul ambyur tumuli | saha balanira | nanging tan bisa mêntas | sagunging para dipati | ambyur sadaya | kuda sami anglangi ||
109–110 dari 225