Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 46
115–116 dari 225
1.146–1.155 dari 2.243
29.029 tan winarna lampahirèng margi | sampun prapta wau pasanggrahan | kagyat mulat ing rawuhe | sampun katur sang prabu | apan lagya siniwèng dasih | kagyat duk praptanira | kang rayi cumundhuk [1: 177] | manêmbah padanirèng sang | lara-lara sang rêtna dènnya anangis | ngrangkul padaning nata ||
29.030 angandika wau sri bupati | wis mênênga babo ariningwang | dèn narima ing titahe | pan karsaning Hyang Agung | lêlakone awakirèki | balik ingsun têtanya | mring sira riningsun | ana ngêndi lakinira | kaya priye sujude marang ing kami | kang rayi matur nêmbah ||
29.031 rayi dalêm maksih wontên wukir | pan angantos timbalan paduka | lampah kawula wiyose | kinèn matur pukulun | atur tobat paduka aji | ngandika sri narendra | ya tarimaningsun | lah ta adhi Cakraningrat | lumakua amapag marang ing wukir | măngsa bodhoa sira ||
29.032 sigra nêmbah wau Sang Dipati | Cakraningrat lèngsèr saha bala | Ki Suranata kanthine | datan kawarnèng ênu | sampun praptèng sukuning wukir | Ngantang nulya utusan | kang paman mring luhur | wus panggih lan Trunajaya | ingaturan kalamun kang paman prapti | angantos anèng ngandhap ||
29.033 Trunajaya nulya têdhak gipih | saking ardi ambêkta bongkokan | ginotong anèng ngarsane | watara pitung puluh | panakawanira umiring | prasamya bêrundhulan | praptèng ngandhap sampun | panggih lawan ingkang paman | gya cumundhuk Trunajaya angabêkti | mring paman Cakraningrat ||
29.034 dyan rinangkul mring kang paman aglis | Cakraningrat alon angandika | babo anak ingsun dhewe | sira ngabêkti ratu [1: 178] | apan mêntas kawon ajurit | bêcik nganggo pratăndha | nyawa putraningsun | katon katêmênanira | Cakraningrat wadyane wus dèn kêjèpi | anubruk Trunajaya ||
29.035 Trunajaya tan suwalèng kapti | pan sumăngga karsane kang paman | măngsa amriha dudune | Cakraningrat amuwus | aja walangdriyanirèki | kêpanggihing pun paman | dukane sang prabu | binănda cindhe puspita | Trunajaya sampun binêkta lumaris | budhal saking ing Ngantang ||
29.036 kawarnaa wau sri bupati | ingkang wontên jroning pasanggrahan | siniwi wadyabalane | munggèng têtarub agung | pêpak andhèr para dipati | tuwin para satriya | Kumpêni nung-anung | prasamya munggèng ngayunan | miwah Amral Hèlduwèl Brèh anèng ngarsi | sang nata angandika ||
29.037 marang sêlir kinèn ngarih-arih | tungkulêna iku arinira | dèn Ayu Trunajayane | binêkta marang pungkur | kawarnaa Sang Adipati | Cakraningrat wus prapta | jaban baris agung | kèndêl ngaturi uninga | mring sang nata yèn Ki Trunajaya prapti | sampun binêkta bêstan ||
29.038 langkung trusthanira sri bupati | wadya kinèn abaris sadaya | tuwin wong Kumpêni kabèh | abaris ngurung-urung | anggêgila kang lagi prapti | ya ta nulya ngandikan | Cakraningrat wau | ambêkta Ki Trunajaya | wus lumampah nangis sajroning kang ati | kaduwung solahira ||
115–116 dari 225