Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 46
112–113 dari 225
1.119–1.128 dari 2.243
29.002 Ki Tumênggung Jangrana nèng ngarsi | para upsir munggèng ing ngayunan | miwah Amral Hèlduwèl Brèh | ngandika sang aprabu | marang Amral mundhut Kumpêni | anaa sabragada | arsa ingsun utus | anêlika wong Makasar | kang makuwon ing gunung Sampura nênggih | aran Dhaèng Mariwah ||
29.003 Busung Mêrnung lan Dhaèng Makincing | muwêr ana ing gunung Sampura | kang ngirida ing lampahe | Jangrana kang sun tuduh | Pasuruan sun kon nanduri | iya Si Ănggajaya | arana Tumênggung | Ănggajaya Pasuruan | ya ta Amral Hèlduwèl Brèh anjurungi | karsane sri narendra ||
29.004 sri narendra angandika malih | ampirana adhi Cakraningrat | nèng alas Lodhaya gone | konên seba maringsun | Ki Jangrana sigra wotsari | lèngsèr saking ngayunan | lan sabalanipun | lan Walănda sabragada | tan kawarna lampahe Ki Jangranèki | praptèng alas Lodhaya ||
29.005 kawarnaa kang dipun sakiti | Cakraningrat nèng alas Lodhaya | Trunajaya panggawene | punika pamanipun | mila datan kolu [1: 172: ko...lu] matèni | milane pinilara | ana ing wanagung | sêdyane Ki Trunajaya | ingkang paman matia dèn pangan eblis | nanging karsaning Sukma ||
29.006 Cakraningrat pan maksih basuki | kang nèng alas Lodhaya miyarsa | Trunajaya kajodhine | lawan wus madêg ratu | Adipati Anom Matawis | sira Ki Cakraningrat | asrêp manahipun | angrasa kalamun gêsang | wus adandan saanak rabinirèki | arsa seba mring Payak ||
29.007 enjing mangkat wau Sang Dipati | Cakraningrat saking ing Lodhaya | arêreyongan lampahe | ya ta nuli kêpêthuk | gêgamaning wong Surawèsthi | kagyat Ki Cakraningrat | dulu baris agung | dipun nyana Trunajaya | dangu-dangu ningali baris Kumpêni | laju Ki Cakraningrat ||
29.008 wus kapanggih lan Ki Jangranèki | Ki Tumênggung Jangrana sru ngucap | alah kakang sukur bage | dika ingkang kapêthuk | lan manira wontên ing ngriki | dika kakang ngandikan | dhatêng sang aprabu | masanggrahan anèng Payak | Cakraningrat sandika ature gipih | nulya ungkur-ungkuran ||
29.009 Ki Tumênggung Jangrana lumaris | sampun prapta nagri Pasuruan | sigêgên wau lampahe | gênti ingkang winuwus | wong Makasar midhangêt warti | yèn badhe dipun langgar | têdhak saking gunung | lampahe agêgancangan | sêdyanira anabrang dhatêng ing Bali | sagung bala Makasar ||
29.010 tan kawarna kang nabrang mring Bali | wong Makasar wus numpak ing palwa | Ki [1: 173] Jangrana ing lampahe | Pasuruan wus suyut | datan ana suwalèng kapti | marang Ki Ănggajaya | sadaya anungkul | Tumênggung Jangrana budhal | saking kitha lampahira tan winarni | wuwusên Cakraningrat ||
29.011 sampun prapta pakuwon narpati | sri narendra pan lagya sineba | kagyat wau duk praptane | Cakraningrat cumundhuk | ngaraspada sarwi anangis | sang nata angandika | lungguha riningsun | wus sira aja karuna | nagrinira sun paringkên sira malih | ing Sampang tampanana ||
112–113 dari 225