Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29–30 dari 46
117–118 dari 225
1.168–1.177 dari 2.243
29.051 dadya kèndêl wau ingkang rayi | kawarnaa wus surup Hyang Arka | jêng sinuhun munggah sare | mastaka datan kantun | pan kinarya kêlut sawêngi | singa kang minggah nendra | kêkèsèt puniku | ing êndhase Trunajaya | para sêlir miwah pra parêkan alit | prasamya kèsèt sirah ||
29.052 ya ta wau kawarnaa enjing | sri narendra miyos sinewaka | siniwi wadyanirandhèr | angandika sang prabu | marang sagung kang para nyai | samya kinon dhêploka | ing mastakanipun | Trunajaya jroning lumpang | sigra wau para nyai lawan sêlir | samya dhêplok mastaka ||
29.053 ajur mumur mustaka wor siti | ya ta wau sang nata ngandika | mring para dipati kabèh | sagung punggawaningsun | pirsakêna timbalan mami | Si Lêmbu lan Si Buwang | karo ingsun junjung | wêdana bumi bumija | pan Si Lêmbu Tumênggung Mangkuyudèki | Si Buwang Natayuda ||
29.054 sri narendra angandika [1: 182] malih | Nrangkusuma padha undhangana | ingsun arsa budhal age | mring Surabaya ngujung | Nrangkusuma saha wotsari | Pangeran Cakraningrat | manêmbah umatur | angaturakên jarahan | saking Ngantang sakarine para rabi | kang prasamya kasmaran ||[1]
30. Asmaradana
30.001 ya ta kondur sri bupati | malêbêt ing pasanggrahan | datan winarna dalune | ya ta kawarnaa enjang | sampun nêmbang tangara | swaraning bala gumuruh | kadi ombaking sagara ||
30.002 wus budhal sri narapati | saking pasanggrahanira | untabing wadya agolong | saengga ardi kusuma | asrining bala koswa | wadya pasisir nèng ngayun | ing wuri măncanagara ||
30.003 sagunging bala Kumpêni | tan têbih lawan sang nata | munya brang-brangan tambure | sira Tumênggung Jangrana | kang munggèng ngarsa pisan | datan kawarna ing ênu | lampahe sri naranata ||
30.004 praptèng nagri Surawèsthi | sampun sami masanggrahan | lajêng angujung mring Ngampèl | sira Pangeran Lamongan | ginêmpalakên lênggah | ing Surabaya wong sèwu | sira Pangeran Lamongan ||
30.005 sri naranata anuding | marang Radèn Mangunjaya | sira mringa Giri age [2: 4] | turêna sêmbah manira | ingsun dèn idènana | panjênênganingsun ratu | amêngku rat tanah Jawa ||
30.006 lan kêris wasiyat Giri | iku suwunên dèn kêna | Ki Kalammunyêng arane | Ki Mangunjaya tur sêmbah | lèngsèr saking ngayunan | lampahe datan winuwus | wus prapta ing Giripura ||
117–118 dari 225

 


§ Sambêtipun kawrat jilid kalih. (kembali)