Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3–4 dari 46
15–16 dari 225
143–152 dari 2.243
03.016 sang nata arum ngandika | mênggah-mênggah sarya angling | ingkang botên-botên paman | anggêga ujar pawarti | pocapane kang sêngit | dèn adon-adoni tutur | mapan dados punapa | yèn anggugua pawarti | pan kawula botên angraon[1] yèn duka ||
03.017 agoroh ingkang pawarta | wontêna ujar kayèki | yèn darbea ing balela | ing paman kula bêndoni | edane kang mawarti | kawula pan maksih emut | prakara ing Mataram | ing benjang sapungkur mami | yèn manira sampun pinundhut Hyang Suksma ||
03.018 sampun parentahing Allah | kinarya jumênêng aji | anggêntèni ing Mataram | pasthi tan kêna gumingsir | ing benjang akir mami | tan ana ingkang jêjuluk | ujare cêtha-cêtha | nanging ta dede ing ngriki | Kartasura kadhatone kaki putra ||
03.019 inggih nagari Mataram | kawula ingkang mêkasi | datan kêna singgahana | sampun jangjine rumiyin | tan kêna owah gingsir | puput panjênêngan ratu | angalih Kartasura | sirnane ingsun puniki | sigra matur Pangeran ing Surabaya ||
03.020 sun têtêdha ing Hyang Suksma | sampun salin-salin aji | lan sampun liya sang nata | pantês ngaliha nagari | saking Matawis benjing | sun têdha maksih akukuh | tan ana kang prayoga | ing rat Jawa tanah Jawi | mung Mataram kang pantês mêngku kadhatyan ||
03.021 sri narendra angandika | pan wus karsaning Hyang Widhi | rusake nagri Mataram | benjing dening [1: 22: de...ning] putra mami | ki prabu anom nênggih | kawitan nagari lêbur | Pangeran Surabaya | langkung gêgêtuning ati | amiyarsa panyêthanira sang nata ||
03.022 sri naranata ngandika | lah Paman ing Surabanggi | andika mantuk ing wisma | sampun anggugu pawarti | ingkang dede pawarti | sakathahe dika êmu | botên sêdya mangkana | tan anyana tan angimpi | ingkang paman apamit lawan kang garwa ||
03.023 sang nata jêngkar sineba | malêbêt ing kênyapuri | ginarêbêg ing badhaya | pitung rancak kang sasisih | tur sami ayu luwih | ing warnane para arum | dene wau Pangeran | Surabaya sampun mijil | ing pasowan kang mulat lir guladrawa ||
4. Dhandhanggula
04.001 Adipati Surabaya mulih | sarayate pan mantuk sadaya | sampun prapta ing wismane | tan kawarna ing ênu | kawarnaa sri narapati | animbali ing wadya | karsane ingutus | wong mantri jro wastanira | Wăngsatruna kalawan Ki Yudakarti | sarêng prapta ing ngarsa ||
04.002 angandika alon sri bupati | Yudakarti lawan Wăngsatruna | mentara sira dèn age | ngulatana sirèku | wong pawèstri ingkang abêcik | ingkang layak kagarwa | èstri marang ratu | pasisir măncanagara | ulatana kalawan wêwêkas mami | yèn ana banyu gănda ||
15–16 dari 225

 


angraos. (kembali)