Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 46
118–119 dari 225
1.179–1.188 dari 2.243
30.008 ngandika Pangeran Giri | kang jumênêng Amangkurat | ingsun takon sabênêre | wartane anake Amral | pêksa ngrabasèng Jawa | yèn èstu warta puniku | tan arsa sun ngidènana ||
30.009 lamun wijiling Matawis | kang nama Prabu Mangkurat | ingsun idèni jênênge | jêr iku kang duwe Jawa | yèn dudu trah Mataram | tan arsa ngidèni ingsun | Mangunjaya matur salah ||
30.010 kawula botên udani | wijile Sunan Mangkurat | ilok-iloking wong akèh | dene prayayi Mataram | akathah kang suwita | nanging wartane misuwur | inggih anake wong sabrang ||
30.011 pun Amral ingkang ngêmbani | jumênêng ing nungsa Jawa | Pangran Giri ngandikane | wis Mangunjaya muliha | ingsun tan arsa seba | angidèni sun tan purun | kêris pinundhut tan suka ||
30.012 Mangunjaya nulya amit | tan winarna lampahira | wus prapta Surabayane | lajêng tumamèng ngayunan | sang nata duk sineba | Ki Mangunjaya umatur | gusti pun Giri abăngga ||
30.013 datan purun angidèni | [...][1] jênêng tuwan narendra | dhuwung pinundhut tan awèh | aseba [2: 5: ase...ba] pan botên nêdya | sang nata langkung duka | jajanira sumung-sumung | ngantirah pasuryanira ||
30.014 pangandikanira wêngis | payo nêmbanga têngara | Giri ingsun tindakane | sigra kang para dipatya | samya nata gêgaman | wadya Kumpêni akumpul | sri naranata gya bubar ||
30.015 sumrêg kang wadya lumaris | bubar saking Surabaya | lir ombaking sagara rob | ginêlak lampahing bala | ing marga tan winarna | ing Grêsik pan sampun rawuh | apan lajêng masanggrahan ||
30.016 warnanên Pangeran Giri | pan sampun miyarsa warta | yèn linurugan prajane | dening Susunan Mangkurat | pan arsa mapag yuda | kulawăngsa samya ngumpul | miwah para modinira ||
30.017 sami sêdyarsa prang sabil | santana ing Giripura | samya anêdhêng gawene | warnanên sri naranata | enjing nêmbang têngara | ing Giri sampun kinêpung | gêgaman tanpa wilangan ||
118–119 dari 225

 


ing. (kembali)