Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 46
123–124 dari 225
1.223–1.232 dari 2.243
31.012 binabadan rineka tumuli | sasampuning rineka sadaya | gatra-gatra ing badhene | warnanên sang aprabu | budhal saking nagri Sêmawis | gumêrah swaraning kang | bala tăntra agung | ing ênu datan winarna | sampun prapta ing Wanakarta sang aji | lajêng ngadhaton pisan ||
31.013 pan dèn êlih araning nagari | nagri Kartasura Adiningrat | duk nalika ngadhatone | Ruwah tanggal ping pitu | apan nuju ing taun Alip | Rêbo Pon dintênira | sinêngkalan wau | ing mantri sirna kawayang | rêbut sênêng: lir ngambara ngrasa wani |[1] singa ingkang kanggea [2: 11] ||
31.014 sri narendra karsa animbali | mring kang rayi Jêng Sunan Ngalaga | ingkang ngadhaton ing Plèrèt | duta umangkat sampun | tan kawarna duta narpati | gênti kang kawuwusa | kang umadêg ratu | kang ngrêbat pura Mataram | Jêng Sinuhun Ngalaga lagya tinangkil | andhèr kang wadyabala ||
31.015 ingkang munggèng ing ngarsa narpati | Arya Măndhalika lan Ki Patya | Natakusuma sisihe | jajar lan pra tumênggung | dêmang arya lawan ngabèi | răngga lan pêcattăndha | kêndhuruanipun | Tumênggung Gajahpramana | lan Ki Răngga Tanpulas munggèng ing ngarsi | Ngabèi Tanpanata ||
31.016 Demang Kalêng lan Ki Jagapati | miwah sira Arya Tambakbaya | lan Arya Surajayane | Ki Măndhalika matur | mring sang nata sarwi wotsari | gusti kula miyarsa | nênggih wartinipun | rakanta umadêg nata | gêng karamat pun Trunajaya kajodhi | dene raka paduka ||
31.017 bala tiyang sabrang warni-warni | anging wontên satêngahing warta | sutanya Amral yaktine | mêmindha amrih suyud | ngrabasèng rat talatah Jawi | sang nata angandika | apa yêktinipun | kalamun dudua kangmas | Măndhalika matur sarya awotsari | katawis yèn dedea ||
31.018 dènnya nganggea cara Walandi | kula kuli ika mring wong kopar | tan pisah sanalikane | punika dedenipun | gusti mênggah watawis malih | têmêne yèn rakanta | dene abdinipun | rakanta kang lama-lama | inggih mêksih asuwita ing narpati | sagung wong kadipatyan ||
31.019 sri narendra èmêng ingkang galih | angandika mring sagung punggawa | hèh [2: 12] wong ingsun sadayane | aywa padha katungkul | dèn samêkta dandanan jurit | manawa ana mêngsah | Si Amral angripu | măngsa wurunga ayuda | yèn Si Amral mêksa ngukuhi rat Jawi | yêkti caraka sura ||
31.020 nadyan silih kakang mas dipati | yèn tan amrih arjaning nagara | wong kopar dèn têkakake | tan ngeman nagrinipun | anyambata asrah wong cilik | padha kinèn bokonga | mring wong sabrang iku | yèn mangkono kakang êmas | pêsthi ingsun saolèh-olèh nyabili | sira Sutawijaya ||
31.021 kaya dudu kakangmas dipati | dene wartane ngaji mring Mêkah | mêngko mangkono dadine | dadya Walănda butun | Măndhalika awasna malih | dèn waspada ing warta | aja salah surup | kalamun dudu kakangmas | pasthi kono angantêp prang raup gêtih | matièng pabaratan ||
123–124 dari 225

 


Tanggal: Rêbo Pon pitu (7) Ruwah Alip: mantri sirna kawayang (AJ [1]603), lir ngambara ngrasa wani (AJ 1603). Pada bulan Ruwah tahun AJ 1603, hari Rêbo Pon jatuh pada tanggal 16, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Rêbo Pon 16 Ruwah AJ 1603 (11 September 1680). (kembali)