Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 46
124–125 dari 225
1.238–1.247 dari 2.243
31.027 angandika wau sri bupati | Natakusuma sira sun duta | talikanên sayêktine | lan Si Natabratèku | sun gawakkên minăngka kanthi- | nira ana ing marga | kang kinon wotsantun | Pangeran Natakusuma | lawan Radèn Natabrata dyan lumaris | budhal saha balanya ||
31.028 kawarnaa dutaning narpati | Pangalasan prapta Kartasura | lajêng tumamèng ngarsa ge | tur sêmbah sarya matur | inggih tuwan amba wus prapti | nagari ing Mataram | arinta kêpangguh | kang umadêg natèng laga | datan arsa rayinta seba tumuli | amawi walangdriya ||
31.029 dhawuhipun rayi jêng narpati | inggih amba kinèn rumiyina | lagya pinikir pungkure | warnanên dutanipun | Susuhunan Nglaga Matawis | aran Natakusuma | lan Natabratèku | prapta nagri Kartasura | sri narendra pan lagya miyos [2: 14: mi...yos] tinangkil | andhèr kang wadyabala ||
31.030 ingkang munggèng ngarsaning narpati | Rahadyan Patih Anrangkusuma | tuwin para pratiwa kèh | kang pratiwa nung-anung | Arya Sindurêja nèng ngarsi | myang Dipati Urawan | linggih jajaripun | Tumênggung Wirawidigda | Mangunonêng myang sagung para dipati | pasisir munggèng ngarsi |[1]|
31.031 Radèn Anrangkusuma wotsari | matur dhatêng jêng sri naradipa | wontên dutaning nak anggèr | nênggih arinta prabu | ingkang ngutus sowan sang aji | Pangran Natakusuma | pratiwa nung-anung | lan Natapraja juganya | sri narendra sigra angandika aris | sebakna ing ngarsèngwang ||
31.032 dhinawuhan duta tumrap ta ing | ngarsa narpati mangsah gya-agya | caraka atur sêmbahe | dhuh gustyamba ingutus | sowan munggèng ngarsa narpati | pangabêktinya rinta | katur jêng pukulun | marmanya rinta tan prapta | wit sumêlang galihe rinta narpati | myarsa duta tan tumrap ||
31.033 yèn mirsaa arinta narpati | lamun yêkti caraka paduka | sayêkti sowan ge-age | ing ngabyantara prabu | agraup mrih amangênjali | ing paduka narendra | arinta pukulun | sri narendra angandika | iya bênêr si adhi prayitnèng wèsthi | mênawa mindha-mindha ||
31.034 Pangran Natakusuma lingnya ris | adhi Natabrata pakênira | tumuli muliha age | matura lamun èstu | yèn kang raka sri narapati | Natabrata gya linggar | ing ngarsa sang prabu | tan kawarna kang lumampah | kawuwusa sri narendra ing Matawis | lagya siniwèng wadya ||
31.035 pratiwa nung-anung nèng ngarsa ji | Arya Măndhalika matur nêmbah | dhuh gusti yèn [2: 15: yè...n] karsa anggèr | sampun nêdya cumundhuk | nadyan silih rakanta aji | pan paduka mahraja | tan wontên lyanipun | nadyan raka naranata | swalèng karsa kait lan wadya Kumpêni | arsa ambèncèng karsa ||
31.036 sri narendra lagyeca tinangkil | pan kasaru praptaning kang duta | tumamèng ngabyantarane | Radèn Natabratèku | sumusup ing sri narapati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | sampun karsaning Hyang Sukma | Natabrata samana umatur silip | marang sri naranata ||
124–125 dari 225

 


Biasanya guru lagu a: ngarsa. (kembali)