Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33 dari 46
131–132 dari 225
1.309–1.318 dari 2.243
33.011 dene kang munggèng ing dhadha | Pangran Arya Panular kang nindhihi | wong Bagêlèn kang pinangku | Ki Arya Tambakbaya | Arya Surajaya kang minăngka ngayun | sêsabêting bêbarisan [2: 24: bê...barisan] | Pangran Panular têtindhih ||
33.012 rame dènira ayuda | wong Ngalagan mamrêp ngamuk mangungkih | Arya Surajaya nêmpuh | lan Arya Tambakbaya | pan gumuruh wong Bagêlèn surakipun | akuwêl ulêng-ulêngan | wong Ngalagan ambêk pati ||
33.013 kang Sinuhun ing Ngalaga | amiranti munggèng wurining baris | ya ta wau kang atarung | pêngkuh wong Kartasura | wong Ngalagan pangamuke saya wuru | kang tinêmpuh ingamukan | tan wontên kang anadhahi ||
33.014 mawur wadya Kartasura | pan malêdug ngisis marang ing wuri | Arya Măndhalika nêmpuh | saking kidul gumêrah | Ki Tumênggung Jangrana ingkang tinuduh | tinadhahan Măndhalika | lawan Arya Sindurjèki ||
33.015 arame dènira yuda | Arya Măndhalika wus ambêk pati | ngamuk lan sabalanipun | gumuruh swaranira | Ki Tumênggung Gajahpramada tinêmpuh | saking kilèn sabalanya | Ki Urawan anadhahi ||
33.016 wau Ki Dipati Dêmak | Ki Tumênggung Suranata tinuding | têtulung Urawan gupuh | angiwa sabalanya | wong Ngalagan katanggul pangamukipun | Tumênggung Gajahpramada | Suranata anadhahi ||
33.017 arame prang long-linongan | Ki Tumênggung Gajahpramada nênggih | akuwat pangamukipun | agolong pangamuknya | pra santana sadaya sarêng angamuk | Ki Tumênggung Suranata | wadyanira akèh mati ||
33.018 ing wuri kathah kang prapta | angêbyuki wau wadya Matawis | ingamuk saya kèh rawuh | wong Kudus lan Japara | wong ing Pathi Rêmbang Lasêm atêtulung | prangira Gajahpramada | ingurugan ing pêpati [2: 25: pêpa...ti] ||
33.019 Tumênggung Gajahpramada | karepotan wadya akèh kang mati | wantu karoban wadya gung | sayah pangamukira | ki tumênggung binendrong lêmbing lan busur | apan wus karsaning Sukma | ki tumênggung nandhang kanin ||
33.020 binêdhil ing kalataka | wêntisira ki tumênggung kang kêni | wus atiba sarwi lungguh | sira Gajahpramada | apan wontên santanane ki tumênggung | anama Ki Rănggajaya | ingkang paman dèn tangisi ||
131–132 dari 225