Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33 dari 46
132–133 dari 225
1.320–1.329 dari 2.243
33.022 nguculi bêbêntingira | ki tumênggung cindhe puspita wilis | binlêbêtakên ing tatu | alon dènira mojar | Rănggajaya kulup ingsun pamit lampus | aturêna sêmbah ingwang | marang gusti sri bupati ||
33.023 anangis dalêming driya | ki tumênggung alon dêlingnya manis | sun têtêdha ing Hyang Agung | gustiku Natèng Nglaga | muga-muga iya antuka pitulung | lananga dènira aprang | tulusa madêg narpati ||
33.024 gusti kang abdi mit pêjah | bêbantêne gusti nagri Matawis | pan kawula sampun sêpuh | tuwuk ingkang kêkucah | swarga ingkang rama paduka sang prabu | mangke amba mong paduka | tan kongsi mênangi lami ||
33.025 santana nangis sadaya | ki tumênggung wau dèn gêgendholi | samya ingajak lumayu | pra wadya têlas pêjah | Ki Tumênggung Gajahpramada amuwus | lah sira padha muliha | apan ingsun wus pinêsthi ||
33.026 mungsuh prapta kering kanan | binêdhilan [2: 26: binêdhi...lan] ki tumênggung tan gingsir | lagya angambêni tatu | sigra nitih turăngga | ngêmbat watang cinamêthi kudanipun | Tumênggung Gajahpramada | mangsah kiwul ing ajurit ||
33.027 kadya danawa mamăngsa | ki tumênggung pamukira mangungkih | singa kang katrajang gêmpur | tinadhahan sanjata | kanan kering binedrongan ki tumênggung | sinosogan ing sanjata | sinawuran busur lêmbing ||
33.028 wong siji pira kuwatnya | ki tumênggung nadyan balunga wêsi | sungsuma gêgala putung | akulita têmbaga | datan wande bêbalunge rêmak rêmpu | Tumênggung Gajahpramada | apan sampun angêmasi ||
33.029 santana kathah kang bela | sakarine lumayu mring Matawis | dhadhal barisira rampung | kambu marang ing dhadha | sira Arya Măndhalika maksih tarung | arame bêdhag-binêdhag | mungsuh ngurugi pêpati ||
33.030 wau Ki Tumênggung Dêmak | wus amingêr barise anèng wingking | maring kanan atêtulung | miwah wadya Japara | wong ing Lasêm Juwana sami têtulung | marang pabarisan kanan | gumrah suraking ajurit ||
33.031 Ki Dipati Cakraningrat | pan tinuduh samya têtulung jurit | nadhahi pangamukipun | Ki Arya Măndhalika | dèn urugi pêpati maksih akiwul | wadyanya Ki Măndhalika | dhomas tan mundur ing wèsthi ||
132–133 dari 225