Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33 dari 46
131–132 dari 225
1.302–1.311 dari 2.243
33.004 abêbadhong sungsun tiga | têtirahe sinawur ing rêtna di | ujwalanya lir andaru | arja akuluk jangkang | tinatrapan ing mas jingga akarêpus [2: 23] | yèn tinon saking mandrawa | kadya gurnadur ngajawi ||
33.005 anyuriga pêdhang usar | anggarnya bra binarongsong mas adi | têbah jaja tali rukuk | rinante ing mas jingga | sinêlanan kumala abra amurub | sang prabu lênggah ing dhampar | kucêm sagunging bupati ||
33.006 kasor kênyaring busana | angênguwung barung ujwalèng aji | sri narendra ngandika sru | lah payo kêbutêna | kayaparan wartane wadya pangayun | Arya Sindurja tur sêmbah | abdi dalêm kang pangarsi ||
33.007 sampun campuh ing ayuda | wau gusti mêksih bêdhil-binêdhil | mundhut turăngga sang prabu | sumaos ing ngayunan | kêkambile cinara Walănda murub | canela bra bludru rêtna | rinumpaka ing kêkitir ||
33.008 sang nata nitih turăngga | budhal saking pasanggrahan narpati | swaraning bala gumuruh | lir ombaking sagara | cucuking prang acampuh buru-binuru | prangipun wadya Ngalagan | lir danawa olih daging ||
33.009 wadya Bagêlèn wus adat | datan arsa lamun dinèkèk wuri | yèn uga bêcik kang ngadu | alah Bugis Makasar | bala Jawa wong Bagêlèn wong ing Kêdhu | yèn bêcik têtindhihira | wani gêlut lan Kumpêni ||
33.010 Tumênggung Gajahpramada | wus angiwa sabalane dèn irid | ing Karapyak kang dinunung | anjog ing Ngantên ika | Arya Măndhalika ngirid barisipun | anurut gunung mangetan | Pamutihan kang dèn jogi ||
33.011 dene kang munggèng ing dhadha | Pangran Arya Panular kang nindhihi | wong Bagêlèn kang pinangku | Ki Arya Tambakbaya | Arya Surajaya kang minăngka ngayun | sêsabêting bêbarisan [2: 24: bê...barisan] | Pangran Panular têtindhih ||
33.012 rame dènira ayuda | wong Ngalagan mamrêp ngamuk mangungkih | Arya Surajaya nêmpuh | lan Arya Tambakbaya | pan gumuruh wong Bagêlèn surakipun | akuwêl ulêng-ulêngan | wong Ngalagan ambêk pati ||
33.013 kang Sinuhun ing Ngalaga | amiranti munggèng wurining baris | ya ta wau kang atarung | pêngkuh wong Kartasura | wong Ngalagan pangamuke saya wuru | kang tinêmpuh ingamukan | tan wontên kang anadhahi ||
131–132 dari 225