Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
136–137 dari 225
1.360–1.369 dari 2.243
34.031 swaraning kang sanjata lir gunung bêntar | sigra wadya Matawis | piyak kering kanan | pan sampun sinasmitan | yèn Kiyai Gunturgêni | Kyai Subrastha | Pamêcut dèn sulêdi ||
34.032 anglir gêlap sèwu muni ngawang-awang | tumpês kang kapalipis | pan kagum sadaya | wadya ing Kartasura | akèh ingkang angêmasi | sri naranata | Prabu Mangkurat aglis ||
34.033 ngatag sagung Kumpêni kinèn umangsah | Amral wus angabani | gumrudug swaranya | tambur barung sanjata | kadi amêcahna kuping | datanpa rungyan | langkung guguping baris ||
34.034 sinipat ing mariyêm wong Kartasura | gusis ing kanan kering | kang katrajang gêmpang | datan măngga puliha | miwah kang bala Kumpêni | kathah kang pêjah | kêkês uwong pasisir ||
34.035 Sang Aprabu Mangkurat nindhihi bala | bêndhe tinitir-titir | apan Kyai Bicak | wau kang dipun asta | angungkung muni nèng langit [2: 31: langi...t] | kang pra dipatya | pasisir wani malih ||
34.036 sigra mangsah wong pasisir awurahkan |[1] pra dipati ngawaki | sumahab kang bala | datan ngucap ajriha | dene wau sri bupati | Prabu Mangkurat | anindhihi ngajurit ||
34.037 wong Ngalagan anglir danawa mamăngsa | pan samya ambêk pati | saking kèhing bala | lir udan tibèng rawan | singa kang tinrajang ngisis | ingkang tinilar | wurahan tangkêb malih ||
34.038 ramening prang kunarpa sungsun atumpang | prasamya wuru gêtih | wadya ing Ngalagan | liwung pangamukira | saparane dèn tadhahi | saya kèh pêjah | wantu wonge sakêdhik ||
34.039 Arya Măndhalika amangsah manêngah | pangulu lawan modin | kêtib rowangira | binendrong binêdhilan | wong Kumpêni angêdrèli | kathah kang pêjah | wau wadya Matawis ||
34.040 Arya Măndhalika kalangkung sudira | pra dipati ngêbyuki | sinosog gudebag | sinawur lêmbing srampang | anging tan wontên nêdhasi | mring Măndhalika | langkung têguhirèki ||
136–137 dari 225

 


awurahan. (kembali)