Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
134–135 dari 225
1.337–1.346 dari 2.243
34.008 pan kasaput ing dalu dènira yuda | mundur makuwon malih | Arya Măndhalika | langkung ngungun miyarsa | yèn Gajahpramada mati | katur sang nata | langkung tikbra sang aji ||
34.009 kawarnaa wau Sang Prabu Mangkurat | tangkisan dènnya baris | balabar kang bala | pirang pandêlêng sinang | miwah kang wadya Kumpêni | tan kêna têbah | lan pagubahan aji ||
34.010 pra dipati sadaya samya ngandikan | pra nayaka anuli | praptèng ngarsa nata | sagunging pra dipatya | Anrangkusuma wotsari | matur [2: 28: ma...tur] sang nata | yèn abdi kèh ngêmasi ||
34.011 ing ayuda tungguling wadya paduka | kaamuk wong Matawis | kalangkung sudira | yudane wong Ngalagan | sang nata ngandika aris | adhuh adhimas | wignya ngadu wong cilik ||
34.012 yèn mangkono ing tarunge wong Mataram | duk prang Madura dhingin | pasthi nora bêdhah | dening wadya Madura | lan Makasar apa dening | măngsa bangkata | ambêdhah ing Matawis ||
34.013 kawarnaa ingkang gêgubah tangkisan | gantya wuwusên malih | Sang Prabu Ngalaga | kang ana ing Prambanan | ginubêl kang para mantri | samya ngaturan | kondura marang puri ||
34.014 Arya Măndhalika wau aturira | dhuh gustiku sang aji | suwawi kondura | nadyan ngantêpa yuda | anèng alun-alun benjing | sri naranata | nurut aturing dasih ||
34.015 nulya budhal sang nata saha balanya | ingkang tinilar baris | anèng Parambanan | Răngga Wiradipura | kêkalih kancane mantri | lan Pulangjiwa | dadya kawaling baris ||
34.016 sri narendra praptèng salêbêting kitha | ing alun-alun baris | Arya Măndhalika | têtindhihing ayuda | Jêng Pangran Panular tuwin | kang paman Pangran | Pamênang bèr kuwanin ||
34.017 dene ingkang pêputra Pangran Pamênang | Pangran Silarong swargi | dadya prênah paman | lan Susunan Ngalaga | sigêgên kang nata baris | kang kawarnaa | Prabu Mangkurat nênggih ||
134–135 dari 225