Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
35–36 dari 46
141–142 dari 225
1.402–1.411 dari 2.243
35.020 lan kang raka Ki Tambakbayèki | wus ginitik kang baris nèng Pokak | dhadhal sumyur tanpa rèrèh | wadya Ngalagan anglut | dèn bêbujung Drêsanan prapti | angungsi [2: 37: angung...si] saparannya | prapta ing Dêlanggu | ingusir malah lumajar | praptèng Sanggung sampun malêbêt nagari | dêdamêl Kartasura ||
35.021 Natèng Laga lan sagunging baris | pan angêpung nagri Kartasura | wong desa wus anut kabèh | samya prapta anyuguh | apan lajêng tumut abaris | angêpung Kartasura | gantya kang winuwus | Sang Aprabu Amangkurat | ing nalika samana miyos tinangkil | andhèr kang wadyakuswa ||
35.022 pra dipati nung-anung nèng ngarsi | para upsir munggèng keringira | miwah Amral Hèlduwèl Brèh | Radèn Nrangkusumèku | munggèng ngabyantara narpati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | umatur ulun patikbra | rinta nata Prabu Ngalaga di murti | ngrabasèng ngêpung kitha ||
35.023 wontên Sanggung pakuwon rinta ji | panganjuring yuda wus anglanjak | sabèng piji wong Bagêlèn | samya sura nung-anung | rinta Pangran Panular nênggih | têtindhihing ayuda | ngandika sang prabu | payo kabèh undhangana | apan ingsun arsa nindaki pribadi | magut ing yayi êmas ||
35.024 sigra nêmbang têngara sang aji | bêndhe tinitir munya angangkang | gong bèri umyung swarane | ponang tambur dhêrudhut | asanega kang pra dipati | miwah mayor kapitan | sanega ngranèku | sang nata ngrasuk busana | wus samêkta sagung ingkang pra dipati | kondur anata bala ||
36. Durma
36.001 sigra budhal swaraning bala gumêrah | anglir robing jaladri | abra busananya | anglir prawata kobar | anggamêng wadya Kumpêni | alêlumbungan | tinundha wadya Bugis ||
36.002 pra dipati pasisir samya tumingal | lawan [2: 38: lawa...n] măncanagari | wadya Kartasura | rumêksa wuri nata | lampahira sri bupati | ing Jabung prapta | ayun-ayunan jurit ||
36.003 sigra mangsah wadyabala ing Ngalagan | angamuk golong pipit | anglir singa kurda | lir banthèng tawan brana | ngamuk mangrêmpak mangungkih | pan tinadhahan | mring wadya Kartawani ||
36.004 campuhing prang sadaya sami sudira | wong Ngalagan mangungkih | apan tinadhahan | ing gurnat lan gurnada | masbun tuwin gutuk api | lir pendah gêlap | swaraning gurnat muni ||
36.005 pan binendrong wong Ngalagan ing sanjata | pêtêng drèling Kumpêni | swaraning sunapan | anglir glagah kobaran | pêtêng dening kukus bêdhil | wadya Ngalagan | maksih sudirèng wèsthi ||
141–142 dari 225