Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
35 dari 46
139–140 dari 225
1.386–1.395 dari 2.243
35.004 yèn sêmbada paduka panggihi | amundhuta karyane sapisan | lan dèn êbang sapatute | yèn angêntasi kewuh | sanggup milya karya narpati | ya ta sagung prawira | iyêg aturipun | mring Sang Pangeran Pamênang | yèn suwawi ngayonan rakanta aji | inggih sapisan êngkas ||
35.005 budhal saking Bagêlèn sang aji [2: 34] | wadyabala umiring sadaya | maring Salinga jujuge | sinigêg kang lumaku | wontên ingkang winuwus malih | gêmpalaning carita | nênggih Raja Namrud | kang umadêg ing Salinga | wong têngahan lêlêdhok samya angabdi | ingakên raja-raja ||
35.006 Raja Namrud pan miyarsa warti | lamun nata kasoran ing yuda | badhe ngungsi ing dhèwèke | amêpak balanipun | kang têngêran bul-umbul waring | kathahe winatara | kang suyud mring Namrud | gêgaman rongèwu ana | arsa mêthuk mring Prabu Ngalaga nênggih | warnanên kang lumampah ||
35.007 sampun prapta ing ngarsa sang aji | Raja Namrud amêthuk sang nata | kapanggih ngabyantarane | uluk salam sang prabu | Raja Namrud angrangkul gipih | dhuh sutane pun bapa | babo wong abagus | wong bagus bancèr jêlarat | mung sawiji cacade kalah ajurit | dhuh nyawa eman-eman ||
35.008 angungsia pun bapa rumiyin | enggal bae mênange kang yuda | mung kari mangkruk-mangkruke | bari dolanan cênguk | yèn ta ingsun tulunga jurit | yèn ingsun amungsuha | lan Walănda iku | sun êmpok bae pan minggat | ya ta nuli atata sami alinggih | anèng kadhatonira ||
35.009 tan winarna kang ngadhaton Mêsir | kawarnaa Sang Prabu Mangkurat | kang abaris kutha Plèrèt | kang agung apirangu | tikbra maring ari narpati | sampun amatah bala | kinèn ngungsir wau | mring Sinuhun ing Ngalaga | angawasna lorode sri narapati | kang tinuduh gya bubar ||
35.010 nênggih ingkang kinèn anindhihi | sira Tumênggung Wirawidigda | Mangkuyuda myang arine | watara tigang [2: 35: ti...gang] èwu | apan sarwi angrèh wong cilik | anrêpakên arahan | kang sami anungkul | abaris anèng Parapag | apan bumi Bagêlèn kang dèn tuguri | wuwusên sri narendra ||
35.011 sampun budhal saking ing Matawis | lampahira tan kawarnèng marga | wus prapta Kartasurane | sang nata gya ngadhatun | apan tansah rêncakèng galih | mangkana osiking tyas | adhuh ariningsun | Adipati Kapugêran | lali têmên si adhi marang ing kami | yèn mêksih mangkenea ||
35.012 pasthi awèt rusake kang bumi | yèn adhi mas awèta suwala | tan eca jênênging rajèng | ya ta carakanipun | ingkang tugur Parapag prapti | tur uningèng narendra | yèn arinta prabu | Natèng Ngalaga kantênan | nèng Sêlinga ênggène umadêg baris | Namrud bêbotohira ||
35.013 tan winarna wau sri bupati | Kartasura gênti kawuwusa | ingkang wontên Salingane | Sang Prabu Ngalagèku | Raja Namrud ingkang nanggupi | ambêdhah Kartasura | ing samangsanipun | marmanya ingêla-êla | Raja Namrud pinaringan èstri luwih | santana naking-sanak ||
139–140 dari 225