Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
35 dari 46
139–140 dari 225
1.390–1.399 dari 2.243
35.008 angungsia pun bapa rumiyin | enggal bae mênange kang yuda | mung kari mangkruk-mangkruke | bari dolanan cênguk | yèn ta ingsun tulunga jurit | yèn ingsun amungsuha | lan Walănda iku | sun êmpok bae pan minggat | ya ta nuli atata sami alinggih | anèng kadhatonira ||
35.009 tan winarna kang ngadhaton Mêsir | kawarnaa Sang Prabu Mangkurat | kang abaris kutha Plèrèt | kang agung apirangu | tikbra maring ari narpati | sampun amatah bala | kinèn ngungsir wau | mring Sinuhun ing Ngalaga | angawasna lorode sri narapati | kang tinuduh gya bubar ||
35.010 nênggih ingkang kinèn anindhihi | sira Tumênggung Wirawidigda | Mangkuyuda myang arine | watara tigang [2: 35: ti...gang] èwu | apan sarwi angrèh wong cilik | anrêpakên arahan | kang sami anungkul | abaris anèng Parapag | apan bumi Bagêlèn kang dèn tuguri | wuwusên sri narendra ||
35.011 sampun budhal saking ing Matawis | lampahira tan kawarnèng marga | wus prapta Kartasurane | sang nata gya ngadhatun | apan tansah rêncakèng galih | mangkana osiking tyas | adhuh ariningsun | Adipati Kapugêran | lali têmên si adhi marang ing kami | yèn mêksih mangkenea ||
35.012 pasthi awèt rusake kang bumi | yèn adhi mas awèta suwala | tan eca jênênging rajèng | ya ta carakanipun | ingkang tugur Parapag prapti | tur uningèng narendra | yèn arinta prabu | Natèng Ngalaga kantênan | nèng Sêlinga ênggène umadêg baris | Namrud bêbotohira ||
35.013 tan winarna wau sri bupati | Kartasura gênti kawuwusa | ingkang wontên Salingane | Sang Prabu Ngalagèku | Raja Namrud ingkang nanggupi | ambêdhah Kartasura | ing samangsanipun | marmanya ingêla-êla | Raja Namrud pinaringan èstri luwih | santana naking-sanak ||
35.014 pan ingajak umagut ing jurit | Raja Namrud tansah nănggakrama | nora ana wêkasane | dadya kagol tyasipun | Natèng Laga dèn sêmayani | anging Pangran Pamênang | sangêt aturipun | hèh nak prabu dipun sabar | sabudine tinurut Namrud puniki | malar dadia rowang ||
35.015 Natèng Laga wus uwas kang galih | sigra budhal saha balanira | marang Bagêlèn jujuge | sang nata akêkuwu [2: 36: akê...kuwu] | apan sampun anata baris | Ki Arya Tambakbaya | kang kinarya wau | senapatining ayuda | lan kang rayi Ki Arya Surajayèki | lawan Surănggakara ||
35.016 wong Bagêlèn kathah ingkang prapdi |[1] samya bêkta sagêgamanira | sampun dadi ing barise | sigra budhal sang prabu | kang bêbaris Prapag ginitik | marang Ki Tambakbaya | lan Surajayèku | wong Kartasura uninga | yèn dèn langgar wus campuh rame kang jurit | wong Kartasura wikan ||
35.017 yèn Jêng Sunan Ngalaga nindhihi | pan malêdug bala Kartasura | lumayu rêbut uripe | wadya Bagêlèn anglud | saparane maksih dèn ungsir | wus prapta ing Mataram | maksih dèn bêbujung | gêgaman ing Kartasura | anèng Pokak dènira atata baris | ya ta Sang Natèng Laga ||
139–140 dari 225

 


prapti. (kembali)