Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
37 dari 46
145–146 dari 225
1.449–1.458 dari 2.243
37.012 prapta Sanggung kang para dipati | gumêrah ponang wong | dènnya abaris salèring lèpèn | sri narendra ngantosi kang rayi | wuwusên narpati | Natèng Ngalagèku [2: 43: Ngalagè...ku] ||
37.013 budhal saking Kuwêl sri bupati | kang wadya agolong | waos bongkokan anèng ngarsane | pratandhane yèn sampun bêdhami | Urawan tan kari | kang măngka pangimur ||
37.014 tansah nèng wurinira sang pêkik | Rawan tan kênadoh | kawarnaa wau ing lampahe | pangarsanira sagung wus prapti | Kodhokngorèk muni | kulon wetan umyung ||
37.015 prapta Sanggung pra wadyanira ri | warnanên sang katong | Prabu Amangkurat têdhak age | saking turăngga mêthuk kang rayi | sira sang nata ri | anom rangu-rangu ||
37.016 dene kang raka cara Walandi | Natèng Nglaga miro | pan sakala asalah ciptane | wadyanira kinêjepan sami | wus kinèn natasi | bêbongkokanipun ||
37.017 samya ngagêm sagêgamannèki | gègèr lor gumuroh | wadyabala kumêpyur manahe | Ki Urawan asru dènnya nangis | dhuh gusti sang pêkik | sampun ta kadyèku ||
37.018 sri narendra angandika aris | hèh Urawan mangko | dudu kangmas ika sayêktine | anake Walănda iku ugi | Urawan turnya ris | inggih raka prabu ||
37.019 Ki Urawan sigra matur aris | suwawi sang anom | dawêg nabrang ing lèpèn nah anggèr | sri narendra sigra mundur aris | Urawan lumaris | nabrang kali sampun ||
37.020 sampun prapta ing ngarsa narpati | sarya awotsinom | atur sêmbah kalawan tangise | adhuh gusti paduka asalin | anganggea nyamping | sang prabu mituhu ||
37.021 wus asalin sri bupati aglis | busana kinaot [2: 44: kina...ot] | Ki Urawan sigra wangsul age | wus anabrang ing lèpèn sira glis | Urawan turnya ris | suwawi pukulun ||
145–146 dari 225