Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 46
150–151 dari 225
1.496–1.505 dari 2.243
38.022 gya cinêkêl mring Dêlèr Mur aglis | liwat gusar Si Ontung punika | tinangkêp bêlokan gêdhe | de nyonyah gya rinipu | ya ta wau ingkang winarni | Ki Untung nèng bêlokan | langkung kawlasayun | pan akathah rowangira | wong dêdosan sawidak yèn winitawis | sawusnya lama-lama ||
38.023 dadya Ki Untung amuwus aris | ing rowange kang anèng bêlokan | sanak-sanak ingsun kabèh | paran ta dayanipun | nora nana kang duwe budi | rèhning padha lêlaran | rowange sumaur | hèh Untung têka mangkana | duwe polah dene pambêlokan wêsi | lan gêdhong tinutupan ||
38.024 tur kinunci jinagèng Kumpêni | paran baya kênaa amolah | Ki Untung alon wuwuse | mênawa na pitulung | nging Hyang Sukma marang kêkasih | pan kuwating kawula | saka ing Hyang Agung | rowange malih angucap | sira iki Untung dene akumaki | sun iki wong wis tuwa ||
38.025 nèng bêlokan wus tri madya sasi | lawan ingsun nora mangan-mangan | suprandene kongsi mangke | tan bisa budi tèngsun | sira bocah pêksa kumaki | mila bênêr Sri Krêsna | tiwikrama tuhu | ing ajur-ajèr tan kewran | kaya sira ngayoni bêlokan wêsi | tuhu yèn bocah lanang ||
38.026 Ki Untung mèsêm nauri aris | ingsun nora rêmbugan lan sira | pikiran lan wong sakèhe | sasukanira iku | lamun sira nora praduli | hèh sanak-sanak sira | yèn ana pitulung | saka ing Hyang Maha Mulya | yèn ta ana iya [2: 51: i...ya] ingkang anguculi | paran karêpe samya ||
38.027 wong akathah samya anauri | yèn mêngkono apa karsanira | sanak-sanakira kabèh | manut sukanirèku | nadyan silih angrurah ngloji | timbang matyèng bêlokan | Ki Untung gumuyu | sarwi ngurut ing sarira | sampun konus saking pambêlokan wêsi | cingak sakèh wong mulat ||
38.028 têtarungkon wong sawidak nuli | inguculan wus ucul sadaya | amung wong siji kang dèrèng | ingkang nyampahi wau | ya ta sagung kang ucul sami | sarêng dènira ngucap | mring sira Ki Untung | Untung paran karsanira | dene uwis ucul saking ing sirèki | paran ta ing rèhira ||
38.029 Ki Untung alon dènnya nauri | ingsun arsa angamuk Wêlănda | paran karsanira kabèh | sadaya gya sumaur | nadyan silih ngamukèng loji | kabèh datan suminggah | ing karsanirèku | mung upayakna dandanan | lan malihe golèkna sarapan dhingin | dimène sami kuwat ||
38.030 Ki Untung umèsêm muwus aris | yèn mêngkono wis padha mênênga | ingsun mêngko nora suwe | sigra wau Ki Untung | lawang gêdhong dinêdêl aglis | kuncine wus malêsat | Ki Untung gya mêtu | datan cinatur samana | Untung ngandhut patrêm gêdhene sanyari | sapraptanirèng jaba ||
38.031 kang ajaga pinatrêm ngêmasi | anjêrbabah tanpa asêsambat | kunci gya pinasang age | Ki Untung sigra laju | angulati wong sanaknèki | tan wontên kang pinanggya | mung kalih ing ênu | sigra dyan rinangkul sira | Untung dahat tinangisan mitra kalih | lah paran polahira ||
150–151 dari 225