Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 46
151–152 dari 225
1.510–1.519 dari 2.243
38.036 samya kinèn anêdhaa aglis | kumaroyok wong sawidak samya | sawusira nginang age | nulya warastra dinum | ana ingkang amilih cundrik | wênèh amilih pêdhang | wênèh kêrisipun | ana tumbak cêcebolan | sampun samya asiyaga ngati-ati | nèng jawining bêlokan ||
38.037 ya ta wontên wong tuwi sawiji | anggarit lêmah sarwi angucap | hèh Untung manira mangke | lamun Kumpêni [2: 53: Ku...mpêni] rawuh | yèn lungaa saka gêgaris | gon ingsun mapag yuda | sampun awak ingsun | dudu anaking manungsa | anak anjing yèn ingsun tinggala garit | bunuhên saking wuntat ||
38.038 ya ta wau litnane winarni | kang ajaga ing jaba bêlokan | suwe tan prapta koprale | ya ta wus kinèn nusul | sarehane abang lumaris | wus prapta pambêlokan | pan kagyat andulu | baris nèng jawi bêlokan | gêdhong mênga sarehan lumayu aglis | myat rowangira pêjah ||
38.039 matur dhatêng litnanira nuli | katur mring rat Kumpêni sadaya | gupuh amukul tambure | wadya Kumpêni kumpul | sabrêgada sigra lumaris | wus prapta pambêlokan | wong Kumpêni ngêpung | ya ta Ki Untung saksana | angabani kancane anêmpuh aglis | mangsah sadaya surak ||
38.040 binarondong bêdhil tan gumingsir | wong sawidak pan angamuk rampak | wong Kumpêni akèh longe | kuwêl dènnya atarung | tandangira Ki Untung nênggih | lir singa lodra galak | kanan kering nyuduk | anggoco sarwi anyepak | wong sawidak anglir bajo angajawi | gêmpuran sabrêgada ||
38.041 munggèng wuri Kumpêni kèh mati | angêdrèli anglir gêlap sasra | sapalih ika kantune | angamuk kuwêl iku | kang sawênèh pêdhang lan kêris | Kumpêni kathah pêjah | kang wuri kèh rawuh | Ki Untung rowangnya têlas | pan ingêroban mimis lir udan api | tumpês kari priyăngga ||
38.042 Ki Untung tinubruk kanan kering | kang aparêk padha pinatrêman | duk kinandhang-kandhang bae | mêdal ing loji sampun | saparane pan dèn bêdhili | mring bètèng alang-alang [2: 54] | panyalimpêtipun | Kumpêni pan wus kelangan | dèn osak-asik datan ana kapanggih | dadya Kumpêni kobra ||
38.043 wus misuwur sanagri Batawi | Ki Untung ucul saking bêlokan | angamuk akèh rowange | wong sapatrungkon ucul | tumpês awor lawan Kumpêni | tintrim wong sanagara | ya ta kang winuwus | Ki Untung dènnya singidan | anèng bètèng alang-alang tigang ratri | Ki Untung duk samana ||
38.044 amomor dhatêng nagari malih | angulari pawong sanakira | sapraptanira ing rajèng | pawong sanakirèku | apan kathah ingkang kapanggih | Ki Untung tinangisan | sadayarsa tumut | pangucapira mangkana | sun mèlu mring sira asabaya pati | amalês kabêcikan ||
38.045 tigang dasa kang tumut rumiyin | dalu mangkat saking ing nagara | tan kari sagêgamane | bètèng lang-alang rawuh | karya pondhokira miranti | ing sabên ari prapta | pawong sanakipun | kêkalih tuwin sakawan | lama-lama tutur-tinutur waradin | sakèh prasanakannya ||
151–152 dari 225