Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 46
155–156 dari 225
1.542–1.551 dari 2.243
39.014 myang wadya Kumpêni Islam | pra kapitan pêpitu kang tinuding | saha wadyabalanipun | nênggih têtindhihing prang | apan Mayor Bèndêlpotan namanipun | sigra budhal kang gêgaman | angidul ngetan nut lari ||
39.015 ya ta ingkang kawuwusa | lampahira Ki Untung sampun prapti | wau ing nagri Cianjur | gepak ngalor angetan | ing Cirêbon wau ta ingkang jinujug | ênêngna Untung lampahnya | Sultan Cirêbon winarni ||
39.016 darbe abdi kinasihan | tur pinutra-putra ran Surapati | sultan kalangkung sihipun | ngugung ingêla-êla | ingapura matèni tanpa dosèku | mênawa Ki Surapatya | bêburu maring wanadri ||
39.017 ambêkta wadya sakupang | pan sadaya sami wahana wajik | saha sikêp tumbak tulup | towok lêmbing nèng ngarsa | sira Surapati ing wana wus rawuh | alèrèn ana ing marga | wong kang liwat samya ajrih ||
39.018 wadyane ing kering kanan | dyan warnanên wau Ki Untung prapti | Cirêbon talatahipun | angambah wanawasa | prapta ing gyanira Surapati sampun | Surapati kagyat mulat | wong liwat pating kalicir ||
39.019 kang dèn iring lare pelak | Surapati ngatag [2: 59: nga...tag] balanira glis | padha andhêgên wong iku | ingong arsa têtanya | kang dèn iring undangên mring ngarsaningsun | ya ta Ki Untung wus prapta | ing ngarsane Surapati ||
39.020 Ki Surapati angucap | sira iki adhi têka ing ngêndi | miwah kang sinêdyèng kayun | sapa wêwanginira | sira Untung alon dènira umatur | kawula ing Batawiah | nênggih budhaking Kumpêni ||
39.021 milane kawula kesah | nênggih dipun sikara ing Kumpêni | ingkang kasêdya ing kayun | angungsi Kangjêng Sultan | ing Cirêbon mênawi sagêda ngukup | dhatêng ing wong kawlasarsa | nêdya sabil lan Kumpêni ||
39.022 Surapati osiking tyas | rare iki yèn sun watarèng ati | jatmika wagêd ing têmbung | dudu trahing wong papa | sun watara kaya têdhake wong luhur | yèn katura kangjêng sultan | pasthi yèn dèn karêmêni ||
39.023 dhasar gustiningsun sultan | karêmêne wong kang graitèng lungid | kalawan wong kaduk purun | upama koningana | maring gusti sayêktine ingsun kantun | lorod pangawulaningwang | dadya Surapati angling ||
155–156 dari 225