Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 46
154–155 dari 225
1.538–1.547 dari 2.243
39.010 amungsuh wong sanagara | yèn sêmbawa payo padha angungsi | Ki Untung alon amuwus | iya sakarsanira | nanging ngêndi kang pantês ingungsèn iku | Ki Êmbun alon angucap | ing Carêbon payo ngungsi ||
39.011 manawa ta Kangjêng Sultan | ing Carêbon benjang wani ngukuhi | mangkana Untung miturut | ing dalu dènnya budhal | ngidul ngetan kang dèn jogi ing Cianjur | wong patang puluh tan pisah | gantya wau kang winarni ||
39.012 saundurira ayuda | wong Kumpêni [2: 58: Kumpê...ni] sagunge ngati-ati | prasamya abaris tugur | katangkêp lawang kutha | mriyêm samya pinasang plataranipun | arakit sagêgamannya | ya ta kawarnaa enjing ||
39.013 sumrêg swarane kang bala | pan kinêrig sagung wadya Bêtawi | wus budhal swara gumuruh | ing ênu tan winarna | praptèng bètèng alang-alang panggih suwung | Amral mêmatah kapitan | pêpitu kinèn ngulati ||
39.014 myang wadya Kumpêni Islam | pra kapitan pêpitu kang tinuding | saha wadyabalanipun | nênggih têtindhihing prang | apan Mayor Bèndêlpotan namanipun | sigra budhal kang gêgaman | angidul ngetan nut lari ||
39.015 ya ta ingkang kawuwusa | lampahira Ki Untung sampun prapti | wau ing nagri Cianjur | gepak ngalor angetan | ing Cirêbon wau ta ingkang jinujug | ênêngna Untung lampahnya | Sultan Cirêbon winarni ||
39.016 darbe abdi kinasihan | tur pinutra-putra ran Surapati | sultan kalangkung sihipun | ngugung ingêla-êla | ingapura matèni tanpa dosèku | mênawa Ki Surapatya | bêburu maring wanadri ||
39.017 ambêkta wadya sakupang | pan sadaya sami wahana wajik | saha sikêp tumbak tulup | towok lêmbing nèng ngarsa | sira Surapati ing wana wus rawuh | alèrèn ana ing marga | wong kang liwat samya ajrih ||
39.018 wadyane ing kering kanan | dyan warnanên wau Ki Untung prapti | Cirêbon talatahipun | angambah wanawasa | prapta ing gyanira Surapati sampun | Surapati kagyat mulat | wong liwat pating kalicir ||
39.019 kang dèn iring lare pelak | Surapati ngatag [2: 59: nga...tag] balanira glis | padha andhêgên wong iku | ingong arsa têtanya | kang dèn iring undangên mring ngarsaningsun | ya ta Ki Untung wus prapta | ing ngarsane Surapati ||
154–155 dari 225