Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 46
153–154 dari 225
1.529–1.538 dari 2.243
39. Pangkur
39.001 wadya Kumpêni umiyat | yèn Ki Untung sampun amêpêg baris | Amral angabani magut | sigra Kumpêni mangsah | swaraning kang sanjata lir gunung rubuh | pêtêng kukusing sêndawa | Ki Untung sigra ngabani ||
39.002 saksana sarêng umangsah | ngamuk rampak amor kukusing bêdhil | wadya Makasar anglambung | ngêbyuki kering kanan | ramening prang Ki Untung sarowangipun | manêngah lir singa lodra | wong satus tan nêdya urip ||
39.003 sabalanira sudira | kang katrajang Kumpêni kèh ngêmasi | Bugis Sambawa kèh lampus | miwah Ambon Makasar | kawarnaa Kumpêni saya gung rawuh | Ki Untung sarowangira | lir andaka tawan kanin ||
39.004 ngurugan dening sanjata | datan anggop pangêdrèling Kumpêni | lir gêlap sèwu ambarung | gurnat lawan gurnada | gutuk awi[1] lir udan lamun dinulu | Ki Untung pangamukira | tan apisah golong pipit ||
39.005 ngêsokan mimis lir udan | sira Untung lir Partatanayèki | binut [2: 57: bi...nut] sata Kurawèku | sampun karoban lawan | akèh kanin rowangira akèh lampus | myang Kumpêni akèh pêjah | wangke awor tumpang tindhih ||
39.006 saari dènira yuda | rowangira Ki Untung kang ngêmasi | sawidak kèhe kang lampus | Kumpêni sabêrgada | Bugis Ambon Sêmbawa lan wong Malayu | wadya Mêkasar kèh pêjah | angrês prajurit Kumpêni ||
39.007 amung kantun kawan dasa | sira Untung wadyanira kang kari | maksih sudira angamuk | kabèh lir singa lodra | ya ta sapih kang yuda kasaput dalu | wadya Kumpêni sadaya | wus mundur maring nagari ||
39.008 Ki Untung ingkang winarna | pan ing dalu gunêm sarowangnèki | ana ingkang rada sêpuh | Ki Êmbun namanira | alon mojar hèh ta sanak-sanak ingsun | kabèh paran budinira | kang wong sadaya nauri ||
39.009 manira tan darbe sêdya | saparane Ki Untung sun tut wuri | kabèh nora nêdya kantun | Ki Êmbun alon mojar | mring Ki Untung bagus iki pikiripun | yèn amung abăndayuda | pira kuwatira iki ||
39.010 amungsuh wong sanagara | yèn sêmbawa payo padha angungsi | Ki Untung alon amuwus | iya sakarsanira | nanging ngêndi kang pantês ingungsèn iku | Ki Êmbun alon angucap | ing Carêbon payo ngungsi ||
153–154 dari 225

 


api. (kembali)