Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 46
155–156 dari 225
1.550–1.559 dari 2.243
39.022 Surapati osiking tyas | rare iki yèn sun watarèng ati | jatmika wagêd ing têmbung | dudu trahing wong papa | sun watara kaya têdhake wong luhur | yèn katura kangjêng sultan | pasthi yèn dèn karêmêni ||
39.023 dhasar gustiningsun sultan | karêmêne wong kang graitèng lungid | kalawan wong kaduk purun | upama koningana | maring gusti sayêktine ingsun kantun | lorod pangawulaningwang | dadya Surapati angling ||
39.024 adhi sun peling ing sira | pan nagara Cirêbon iki cilik | nanging wingite kalangkung | yèn sirarsa mangsuka | lah tinggalêm[1] gêgamanmu kabèh iku | miwah sakèh rowangira | aja na anganggo kêris ||
39.025 yèn nora tinggal gêgaman | nora kêna sira manjing nagari | payo ta kabèh baturmu | padha barundhulana | gêgamane kabèh aturna maring sun | dene ingsun kang anggawa | manjingira mring nagari ||
39.026 Ki Untung alon angucap | sabature kinon [2: 60: ki...non] srah tumbak kêris | saksana sinrahkên sampun | kabèh gêgamanira | Surapati mojar maring wadyanipun | kabèh padha tampanana | gêgaman tumbak lan kêris ||
39.027 ya ta sampun tinampanan | kang awarni gêgaman tumbak kêris | sadaya sampun barundhul | Ki Untung rowangira | ri saksana Ki Surapati amuwus | adhi amung kari sira | durung asrah tumbak kêris ||
39.028 Ki Untung alon aturnya | bok inggiha kyai dika alimi | dene rencang kula sampun | kapundhutan sadaya | mung kawula kiyai andika tanggung | măngsa nêdyaa punapa | wong anêdya ngungsi urip ||
39.029 Ki Surapati anyêntak | apa têmên sira tan asrah kêris | măngsa bêcika tinêmu | yèn wangkot nut parentah | awèh ora êndi kêrismu sun pundhut | sira iki basakêna | mêndhak kalingan kaèksi ||
39.030 apa nganti sun plaksana | ingsun gawa bêbandan mring nagari | kagyat miyarsa Ki Untung | madêg suraning driya | asru ngucap ora awèh kêris ingsun | yèn wus pêcat nyawaningwang | têka ing rêraga mami ||
39.031 lah iku sakarsanira | Surapati bramantya angêjèpi | ing wadya sarêng anubruk | Ki Untung gya malumpat | sarwi ngucap mring wadyane sadayèku | hèh batur padha mirea | ingsun dhewe kang ngêmbari ||
155–156 dari 225

 


tinggalên. (kembali)