Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 46
157–158 dari 225
1.563–1.572 dari 2.243
39.035 wong ing Carbon giris mulat | tandangira Ki Untung angajrihi | lir singa lodra dinulu | winatang tan tumama | wong Cirêbon akèh longe ingkang lampus | kang kari mawur sasaran | tan ana nolih ing gusti ||
39.036 Ki Surapati lumaywa | sêdyanira wêwadul marang gusti | ya ta warnanên Ki Untung | rewangnya kang suminggah | sarêng prapta sadaya sami angrangkul | angungun ing solahira | sawênèh ana nangisi ||
39.037 Ki Untung arêrêmbagan | ing rowange prasamya angling aris | dawêg animpang Ki Untung | manawi winangsulan | dhatêng ingkang bêbegal punika wau | Ki Untung alon angucap | kang ora-ora sira ngling ||
39.038 apan wong nêdya raharja | pasthi ingsun rahayu kang pinanggih | sêksana lajêng Ki Untung | lawan sarowangira | kawarnaa Surapati kang lumayu | sampun prapta ing nagara | dumrojog malêbèng puri ||
39.039 jêng sultan lagya sineba | Surapati pan sarwi awotsari | gupuh dènira umatur | kawula tur uninga | abdi dalêm gusti kathah ingkang lampus | binegal wontên ing marga | dene kang angêndhêg kardi ||
39.040 tiyang saking Batawiah [2: 62: Batawi...ah] | akêkasih inggih pun Untung gusti | de mangke inggih pun Untung | lajêng malêbèng kitha | kèndêl wontên margi parapatan wau | sultan aris angandika | mring gandhèk kinèn nimbali ||
39.041 Ki Untung wus tinimbalan | sigra mêdal wau gandhèk kêkalih | sampun prapta prênahipun | ing marga parapatan | wus kapanggih sira kalawan Ki Untung | kyai gandhèk lon angucap | sira ngandikan mring gusti ||
39.042 Ki Untung kerid saksana | sigra prapta rowangnya kantun jawi | Ki Untung nulya cumundhuk | ing ngarsane jêng sultan | kangjêng sultan pangandikanira arum | marma sun timbali sira | Untung marang ngarsa mami ||
39.043 pan ingsun arsa têtanya | apa sêdyanira prapta nèng ngriki | iya ing nagaraningsun | lan pira rowangira | Kyai Untung matur sarwi awotsantun | inggih amung kawan dasa | sultan angandika aris ||
39.044 alane Si Surapatya | dursilane têka anglêlangkungi | durung ana luwangipun | hèh iya ngêndi ana | pan wong satus binegal wong patang puluh | dene ta sun êla-êla | têmah nyukêri nagari ||
157–158 dari 225