Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 46
158–159 dari 225
1.572–1.581 dari 2.243
39.044 alane Si Surapatya | dursilane têka anglêlangkungi | durung ana luwangipun | hèh iya ngêndi ana | pan wong satus binegal wong patang puluh | dene ta sun êla-êla | têmah nyukêri nagari ||
39.045 ri saksana pinariksa | sira Untung sultan kalangkung runtik | nulya Surapati iku | wus kinèn mêjahana | sinudukan wau anèng alun-alun | Ki Surapati wus pêjah | sultan angandika aris ||
39.046 sira lajua mangetan | angungsia marang rajèng Matawis | apan iku ratu agung | anyakrawati ing rat | nuswa Jawa pan iku ingkang amêngku | kêlar ngukuhana sira | apan ingsun angamini ||
39.047 lan [2: 63] sira sun wèhi aran | ajênênga Rahadèn Surapati | lawan pinasthi sirèku | dadya satruning kopar | sira Untung kalangkung dènira nuhun | anêmbah sirèng suku sang | amit lèngsèr saking puri ||
39.048 sapraptanira ing jaba | wus apanggih lawan rowangirèki | Ki Untung alon amuwus | hèh sanak-sanak ingwang | timbalane kangjêng sultan marang ingsun | ingsun kinèn angungsia | maring sang rajèng Matawis ||
39.049 apan sultan tan kawawa | angukuhi dening nagara cilik | nanging amine jumurung | sasolah-tingkah ingwang | lan malihe ingsun sinungan jêjuluk | dening sultan ingaranan | iya Radèn Surapati ||
39.050 rowangnya suka sadaya | dene antuk idining ratu mukmin | Radèn Surapati muwus | lawan ingsun winêca | dening sultan ing satêdhak turun ingsun | apadene abdiningwang | dadya satruning Kumpêni ||
39.051 Bapa Bun sira kang tuwa | angaliha sira sun wèhi nami | Êmbun Jaladri sirèku | dadia pangidhêpan | ing sakèhe sanak-sanakira iku | sira kang sun gawe tuwa | rowangnya sadaya angling ||
39.052 hèh kakang Êmbun mung sira | luwih bênêr karsane radèn iki | sira pamungkasing laku | minăngka tuwa-tuwa | kabèh iki kakang pan darma lumaku | apa barang pikir dika | dika wus mikani wèsthi ||
39.053 radèn pan maksih taruna | sadungkape dika ingkang ngaturi | tan winarna wau sampun | mangkat saking nagara | amangetan Surapati lampahipun | ing Têgal apan kamargan | Pamalang kang dipun [2: 64: dipu...n] jogi ||
158–159 dari 225