Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 46
157–158 dari 225
1.568–1.577 dari 2.243
39.040 tiyang saking Batawiah [2: 62: Batawi...ah] | akêkasih inggih pun Untung gusti | de mangke inggih pun Untung | lajêng malêbèng kitha | kèndêl wontên margi parapatan wau | sultan aris angandika | mring gandhèk kinèn nimbali ||
39.041 Ki Untung wus tinimbalan | sigra mêdal wau gandhèk kêkalih | sampun prapta prênahipun | ing marga parapatan | wus kapanggih sira kalawan Ki Untung | kyai gandhèk lon angucap | sira ngandikan mring gusti ||
39.042 Ki Untung kerid saksana | sigra prapta rowangnya kantun jawi | Ki Untung nulya cumundhuk | ing ngarsane jêng sultan | kangjêng sultan pangandikanira arum | marma sun timbali sira | Untung marang ngarsa mami ||
39.043 pan ingsun arsa têtanya | apa sêdyanira prapta nèng ngriki | iya ing nagaraningsun | lan pira rowangira | Kyai Untung matur sarwi awotsantun | inggih amung kawan dasa | sultan angandika aris ||
39.044 alane Si Surapatya | dursilane têka anglêlangkungi | durung ana luwangipun | hèh iya ngêndi ana | pan wong satus binegal wong patang puluh | dene ta sun êla-êla | têmah nyukêri nagari ||
39.045 ri saksana pinariksa | sira Untung sultan kalangkung runtik | nulya Surapati iku | wus kinèn mêjahana | sinudukan wau anèng alun-alun | Ki Surapati wus pêjah | sultan angandika aris ||
39.046 sira lajua mangetan | angungsia marang rajèng Matawis | apan iku ratu agung | anyakrawati ing rat | nuswa Jawa pan iku ingkang amêngku | kêlar ngukuhana sira | apan ingsun angamini ||
39.047 lan [2: 63] sira sun wèhi aran | ajênênga Rahadèn Surapati | lawan pinasthi sirèku | dadya satruning kopar | sira Untung kalangkung dènira nuhun | anêmbah sirèng suku sang | amit lèngsèr saking puri ||
39.048 sapraptanira ing jaba | wus apanggih lawan rowangirèki | Ki Untung alon amuwus | hèh sanak-sanak ingwang | timbalane kangjêng sultan marang ingsun | ingsun kinèn angungsia | maring sang rajèng Matawis ||
39.049 apan sultan tan kawawa | angukuhi dening nagara cilik | nanging amine jumurung | sasolah-tingkah ingwang | lan malihe ingsun sinungan jêjuluk | dening sultan ingaranan | iya Radèn Surapati ||
157–158 dari 225