Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 46
158–159 dari 225
1.579–1.588 dari 2.243
39.051 Bapa Bun sira kang tuwa | angaliha sira sun wèhi nami | Êmbun Jaladri sirèku | dadia pangidhêpan | ing sakèhe sanak-sanakira iku | sira kang sun gawe tuwa | rowangnya sadaya angling ||
39.052 hèh kakang Êmbun mung sira | luwih bênêr karsane radèn iki | sira pamungkasing laku | minăngka tuwa-tuwa | kabèh iki kakang pan darma lumaku | apa barang pikir dika | dika wus mikani wèsthi ||
39.053 radèn pan maksih taruna | sadungkape dika ingkang ngaturi | tan winarna wau sampun | mangkat saking nagara | amangetan Surapati lampahipun | ing Têgal apan kamargan | Pamalang kang dipun [2: 64: dipu...n] jogi ||
39.054 gantya ingkang winursita | wong Kumpêni kang samya anututi | kèndêl tanah ing Cianjur | pan wus miyarsa warta | yèn Ki Untung ngalor ngetan lampahipun | tan pisah sarowangira | ya ta sagung wong Kumpêni ||
39.055 ajrih yèn ngungsira têbah | dene wêruh tandange yèn ajurit | duk samana pitung dalu | Kumpêni nèng Pasundhan | wong Pasundhan sadaya wus kinèn kumpul | anèng Cianjur barisnya | sagunge kang para mantri ||
39.056 Kumpêni parentahira | wong kang liwat samya kinèn nakèni | manawa luwih sapuluh | tan anggawa dagangan | kinèn nyêkêl manawa iku Si Untung | yèn wong liwat dudu dagang | pêpêtên kang mring Batawi ||
39.057 wadya Kumpêni wus bubar | mring Batawi kang kari pacak baris | wong Sundha para tumênggung | kang baris urut marga | yèn ta durung karuhan gyane Ki Untung | Kumpêni parentahira | aja bubar ingkang baris ||
39.058 ya ta wau kawuwusa | lampahira Rahadèn Surapati | Pamalang gepak mangidul | prapta tanah Toyamas | lèrèn dhukuh Ajibarang kang dinunung | pan dhusun ing Ajibarang | patingginira kêkalih ||
39.059 apan samya kadangira | loro sanak kang anom Saradênti | Saradênta ingkang sêpuh | langkung anyuba-nyuba | mring têtamu laminira kawan dalu | sira Radèn Surapatya | saksana ngadêg kang baris ||
39.060 pan wus akarya narendra | Saradênta kalawan Saradênti | ingkang ingadêgkên ratu | sampun ngêlar jajahan | kanan kering Ajibarang pan anungkul | tan ana wani anglawan [2: 65] | marang Prabu Saradênti ||
158–159 dari 225