Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 170
5–6 dari 856
49–58 dari 8.560
001.049 nulya andêdêl sira pratiwi | sampun prapta madyaning awiyat | kadya andaru lampahe | prapta Waringin Pitu | Yyang Nêrada ya ta kapanggih | nulya angucap sira | lah prapta Ki Wisnu | lami saya ati[1] kita | tidhak juga manah lami tidhak prapti | Wisnu makan bininya ||
001.050 sudhah lama kita bêlah bini | baru dhatêng tuwan saya mintak | sama parampuhanane | dhiyan lagi bêkitu | alu pêgi sabula[2] sami | alêkas tidhur sama | pasthi dhiya mau | kalu sudhah cuki dhiyan | lêkas madhi[3] sudhah makan sira nèki | lêkas tidhur ta lagya ||
001.051 tan asuwe wau nulya angling | wahak[4] isun iki tanpa ngrasa | tinetah marang dewane | dene isun tan tumut | ing lakune sudarma mami | paran tuwasing yayah | kang kaya wak isun | panêdhanisun ing dewa | pêjah gêsang parêka maring rama ji | tan arsa sun kantuna ||
001.052 sigra mêsat Rahadyan Srigati | sampun mêdal prapta ing awiyat | datan asuwe lampahe | prapta ing Wringin Pitu | ikang rama nulya kapanggih | Radèn Srigati sira | anulya aluguh | anèng wurine kang rama | Yyang Narada kagyat sira aningali | wau kang lagya prapta ||
001.053 Yyang Narada sigra nulya angling | lah kaki Wisnu iku ta sapa | kang luguh anèng wurine | ya ta anolih Wisnu | tiningalan ing putranèki | nulya sira angucap | igih sutèng isun | patutane Nini Mêndhang | ikang aran punika Radèn Srigati | angling Sa Yyang Nêrada ||
001.054 sira iki ta Ki Wisnu kaki [[f. 6r]] | munduran wuwuh ing dosanira | iya si mandah-mandahe | kauningana iku | Yyang Nêrada dènira peling | marang Ki Wisnu sira | dadi apa iku | kadêngangana ta sira | dadi apa pasthine manggih bilai | lah aja sira gawa ||
001.055 mangke padha tinigala[5] kaki | êndi ana uma[6] marang syarga | yakti akuthuh têmahe | lah payo kaki Wisnu | dipun egal[7] mangkat tumuli | adangu ramanira | ya nganti sirèku | risaksana angandika | Sa Yyang Wisnu angajak Nêrada sigih | mugah mring kadewatan ||
001.056 tan asuwe lampahnya glis prapti | prênahira êndhut Blêgêdaba | wot Si Ogal-agil rêke | lawang Selamangukuh | Yyang Nêrada lingira aris | Ki Wisnu arèrèna | ing kene karuwun | sutamu măngsa nusula | nadyan bisa angambaha ing pratiwi | êndhut măngsa bisaa ||
001.057 mêngkana uwot Si Ogal-agil | ikang amipit lawang punika | ujar kang manusa kabèh | tan wênang ngambah iku | lah ta payo umangkat aglis | wus adangu araryyan | sigra lumastantun | tan antara nulya prapta | ing dewatan cumundhuk lan Sang Pramèsthi | anulya pagunêman ||
001.058 datatita lingira ing nguni | kawarnaa kang kantun ing ngrika | Radèn Srigati lampahe | watên Waringin Pitu | tansah sira angling pribadi | yèn têmên-têmên sira | putrane Sang Wisnu | muga isun tinêkana | dening dewa sakarsane sun ing nguni | sadya tut buri bapa ||
5–6 dari 856

 


anti (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.6, Pupuh 1.49.8). (kembali)
Bandingkan: sakula (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.6, Pupuh 1.50.5). (kembali)
mandhi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.6, Pupuh 1.50.9). (kembali)
awak. (kembali)
tininggala (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.6, Pupuh 1.55.1). (kembali)
umat. (kembali)
enggal (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.6, Pupuh 1.55.5). (kembali)