Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
130 dari 170
581–582 dari 856
5.803–5.812 dari 8.560
130.017 warna bujăngga ngrasani wani |[1] tugil warsa lan Pangran Dipatya | pinaksèng rama panggihe | lawan Dèn Ayu Ipun | ing karsane sri narapati | pan radèn ayu rara | gêntosi krangulu | ing raka Dèn Ayu Lêmbah | da marmane[2] nata yèn putra tan panggih | lan putri Kapugêran ||
130.018 sampun amangun tilam rêsmi mrik | Radèn Ayu Ipun lan kang raka | Jêng Pangran Dipati Anom | tinawèng ing jinêm rum | tan winarna sang agung rêsmi | Pangeran Adipatya | gênti kang winuwus | nênggih wontên putranira | Jêng Pangeran Singasari dèn timbali | wau marang kang uwa ||
130.019 pan sedane Pangran Singasari | Pangran Pugêr ikang ngambil putra | pan kêkalih sadhèrèke | Radèn Santri kang sêpuh | Radèn Punta ikang taruni | kinarya [...][3] anom |[4] dènira sang prabu | Rahadèn Punta sêmana | kesah saking nagara [[f. 502r]] mring Têgalwangi | dêdagan mring kang eyang ||
130.020 kapiyarsa dening sri bupati | tuwin Pangran Pugêr wus miyarsa | tinimbalan mring uwane | Radèn Punta tan purun | kêdah anèng dagan kang syargi | pan katur mring sang nata | Radèn Punta wau | yèn kêdah ikung[5] nèng dagan | Ki Tumênggung Rêksanêgara ing Têgil | kang kinèn nguwisêna ||
130.021 sampun budhal Ki Tumênggung Têgil | saha wadya tan kawarnèng marga | sampun prapta nêgarane | Radèn Punta ingapus | asangadi Tumênggung Têgil | dinuta ing narendra | Radèn Punta wau | ingaturan mring nêgara | apan arsa ingadêgakên narpati | dening Tumênggung Têgal ||
130.022 Radèn Punta manahira gampil | kêmalogên jinujung narendra | tan wruh yèn ingapus bae | Rahadèn Punta gupuh | dènnya têdhak marang nêgari | sapraptanira praja | rinakitan sampun | cinêkêl Rahadèn Punta | pan linawe dening Ki Tumênggung Têgil | pan karsaning narendra ||
130.023 Radèn Punta sampun angêmasi | sampun katur marang sri narendra | nata kalakung sukane | ilang kalilipipun | Radèn Punta awèta brangti | anèng daganing eyang | marma sutèng ulun | apan ta agênti warsa | lan panggihe Radèn Sumaningrat sigih | lan sedane Dyan Punta ||
130.024 antaranira agantya warsi | Radèn Arya Sindurêja gêrah | asangêt lajêng sedane | sang nata lakung ngungun [[f. 502v]] | ing pêjahe rêkyana patih | binêktèng Parimona | gènira kinubur | sêmana pan sinêngkalan | ing pêjahe buta kali[6] ngrasa tugil |[7] warnanên sri narendra ||
130.025 ikang arsa jinujung pêpatih | pugawèng jro Kyai Sumabrata | sampun ingastrèn dadine | mring wadyabala agung | kang gêntosi niyakèng puri | Ki Ănggasuranata | wus jinujung luguh | agêntyani Sumabrata | sinung aran Tumênggung Wiragunèki | asisih Wirarêja ||
130.026 pan minăngka pêpatih jro sigih | patihirèng jawi Sumabrata | Jêng Pangran Dipati Anom | sinung wêwênang wau | amarentah para dipati | tuwin sagungi[8] wadya | pugawa nung-anung | dadya Patih Sumabrata | Wiraguna barang prakarèng nagari | tur wikan ing pangeran ||
581–582 dari 856

 


Tanggal: warna bujăngga ngrasani wani (AJ 1624). Tahun AJ 1624 jatuh antara tanggal Masehi: 19 Juni 1700 sampai dengan 7 Juni 1701. Kata "bujăngga" secara umum berwatak bilangan delepan (8), tetapi seharusnya diartikan angka dua (2) dalam sangkala ini, sesuai dengan urutan tahun naskah ini dan konteksnya. Mungkin, kata "bujăngga" dimaknai oleh penyalin dari kata "buja + angga"; buja berarti bahu, nama măngsa kedua, tangan dan lain-lainnya, yang berwatak bilangan dua (2). Lihat juga: warna bujăngga angrasa wani (AJ 1624) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.15.1); catur boja rêsmi tunggil (AJ 1624) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.17.1); warnaning buja angrasa wani (AJ 1624) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.17.1); warna sikara ngrasani wani (AJ 1624) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.17.1). (kembali)
de marmane. Bandingkan: damarmane (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.177, Pupuh 130.17.9); dahat marma (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.15.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.17.9); sangêt marma (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.17.9). (kembali)
Teks asli ditulis huruf angka 444. Maksud angka ini tidak jelas. Jika dibaca "pat pat pat" lebih satu suku kata. (kembali)
Teks asli kurang jelas, dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: kinarya mantri mudha (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.17.6; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.19.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.19.6); kang sêpuh pan kinarya (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.19.6). (kembali)
nêkung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.18.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.20.8; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.20.8). Bandingkan: iku (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.177, Pupuh 130.20.8). (kembali)
kalih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.177, Pupuh 130.24.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.22.9; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.24.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.24.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.24.9). (kembali)
Tanggal: buta kali [kalih] ngrasa tugil (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. Lihat juga: buta kalih măngsa jalma (AJ 1625) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.24.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.24.9); buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.22.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.24.9). (kembali)
sagunging (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.177, Pupuh 130.26.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.24.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.26.6). (kembali)