Tembang macapat

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14 dari 47
21 dari 106
201–210 dari 1.054
14.11 mênawi rama paduka | mrih nêgari lila kang putra èstri | abêbantên sang dyah ing rum | atmaja kang kinarya | ing pangulah sandi upaya mrih tungkul | gusti tiyang rêbat pura | tan ningali putra èstri ||
14.12 sokur-sokur yèn raharja | taha kula anggêgasah ing gusti | kang dados watiring kalbu | mênawi mêndhêm kula | mangun brata anilib jatining satru | anipis pagêring praja | rat Jawa sanggya jrih asih ||
14.13 ing ramanta Kapugêran | yèn darbea karsa ingkang anyilib | mangsèngi rat Jawa tarub | maha rajèng ramanta | jêng paduka sinuwun sampun kêtungkul | lêhêng dipun ecanana | ingêlus ingarih-arih ||
14.14 ramanta widagdya guna | nukmèng wadi pilih ingkang udani | mugi sampun darbe kayun | ngêndhak santika nata | milanipun dèn karêksa dèn barukut | paduka nadhah dadara | ngecani wadya sak nagri ||
14.15 kadi datan pandon karya | yèn kêlenan dhatêng kang sak prêkawis | ing ramanta yoganipun | sampun rakêt sampun crah | wus dilalah ki patih gampil kang atur | sang nata ngling yèn wadhaga | nora ewuh patrap mami ||
14.16 sêdhêng ginêmpur kinasap | Sumabrata nêmbah wus kinèn mijil | apan sêmana cinatur | garwane sri narendra | putri sangking Kapugran Dèn Ayu Impun | linuwarakên sing pura | wus dilalah sri bupati ||
14.17 tan emut wêlinging swarga | radèn ayu mantuk ing rama malih | mung antawis pitung dalu | lan jumênênge nata | kang jinunjung ratu pandaming kêdhatun | kang sangking Ngonje dayindra | sinêmbah wong sak [[96]: sa...k] jron puri ||
14.18 kunêng wau kang winarna | Kangjêng Ratu Kêncana nèng Magiri | ngumpulkên kaum andarus | siyang dalu nèng dagan | reyal sèwu sinêdhêkahkên sinawur | pra mantri gêdhong sêdaya | kang dhèrèk wus samya mulih ||
14.19 amung pinanci kewala | kang nênggani jêng ratu nèng Magiri | Radèn Sudira tan kondur | aptya têngkar prêbawa | madêg baris anèng Mataram kêkuwu | aran dhusun Ngenta-enta | kinarya narubkên dasih ||
14.20 mahambêk lumêksanèng prang | grahitanya marma tan arsa mulih | êmbannya tansah tur pemut | miwah Radèn Surăngga | ingkang tansah angaturi ngajak kondur | dhatêng nagri Kartasura | nanging rahadèn tan apti ||
21 dari 106