Tembang macapat

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14 dari 47
22–23 dari 106
218–227 dari 1.054
14.28 nungkul kabèh wong Mataram | miwah Kêdhu Bagêlèn kopya maswi | wus andadi barisipun | akathah wong suwita | wus akarya krêraton myang alun-alun | Sêptu pan wus miyos watang | Ngenta-enta dèn kuthani ||
14.29 bala salêksa rong sasra | wus karya pratiwa bupati mantri | pêpatihe êmbanipun | mangran Ki Amongpraja | kang kinarya pamugarining apupuh | sira Rahadèn Surăngga | têtunggul pangirid baris ||
14.30 kawarna Ratu Kêncana | kang atêngga layon anèng Magiri | ing siyang latri andarus | sidhêkah nora kêndhat | langkung kathah kaum pajimatan kumpul | myang kang têbih-têbih prapta | gumriwis kang para santri ||
14.31 sêmana pan kagegeran | Kangjêng Ratu Kêncana gya angili | ngetan anjog Gunung Kidul | miyos ing Pamasaran | sampun rawuh Ratu Mangkurat ing Sanggung | pinêthuk wong [[98]] Kartasura | kawarnaa sri bupati ||
14.32 atbuta[1] dupi miyarsa | lamun Radèn Suryakusuma balik | pangraose sang aprabu | kinèn marang kang paman | Sumabrata tinimbalan gupuh-gupuh | myang pratiwèng jro mêcapat | asru ngandika nrêpati ||
14.33 kaya ngapa Si Sudira | yèn dudua paman ingkang ngajani | wong gêrang nêdya tan sadu | dèn age Sumabrata | Paman Pugêr undangên mring alun-alun | yya kari sak brayatira | myang bature gêdhe cilik ||
14.34 sipat lanang bêthèkana | aja ana kêkêrisan sawiji | lurah-lurah dèn barukut | wêdhung pangot singgahna | lan bupati barisa ing alun-alun | pasisir măncanêgara | dèn sumêkta ing ajurit ||
14.35 Sumabrata nêmbah mêdal | lurah gandhèk kang dinuta nimbali | pangran sagarwa myang sunu | lampahnya sigra-sigra | datan wiyang kang tinimbalan dan rawuh | pangeran wus nèng paglaran | pinanggihan mring apatih ||
14.36 pêpak kang para dipatya | pra sêntana pratiwa kang ngubêngi | prameya mantri supênuh | jêjêl ing pênangkilan | jêng pangeran datan gigrig galihipun | kandêl-kumandêl ing Allah | Sumabrata anulya ngling ||
14.37 pangran tampia timbalan | putranta kangjêng sinuwun yèn mangkin | ulun kinèn mundhut dhuwung | lante para putranta | jêng pangeran sandika sarywa srah dhuwung | sarywa nolih mring kang putra | ingandikakkên asrah kris ||
22–23 dari 106

 


kotbuta. (kembali)