Tembang macapat

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14–15 dari 47
24–25 dari 106
236–245 dari 1.054
14.46 jêng pangran sampun [[100]: sam...pun] binêkta | binêthekan pasowane pribadi | sak lèring waringin kurung | saputra garwanira | singa mulat sêdaya angrês ing kalbu | sangking kêdhike kang dosa | mung kèmbèt putra kang balik ||
15. Maskumambang
15.01 kawlasarsa lir mas rumahab ing warih | kang para wanodya | para putra samya nangis | sêsambate para garwa ||
15.02 nora kaya kaniaya sri bupati | tan nganggo pariksa | têka sinunduk prayogi | ngajani kaki Sudira ||
15.03 nadyan silih atmaja jêr tan udani | mapan wus diwasa | duwèni umur pribadi | kangjêng pangeran ngandika ||
15.04 anayuti kang samya lara anangis | wis padha mênênga | tanbuh kang sira prihatin | pan wus karsaning Pangeran ||
15.05 lara lina dudu bubuhaning dasih | karsaning kang murba | pinêsthi tan kêna gingsir | ratu minăngka jalaran ||
15.06 dèn narima lamun titahing Ywang Widi | yèn sira wiyanga | durakanira mindhoni | mring ratu mungguhing Alah ||
15.07 dadya kèndêl kang samya ngrudasèng tangis | ajrih ing wêwarah | susah tan kampah nayuti | mung mingsêk-mingsêk kewala ||
15.08 Radèn Ayu Impun tumut dèn bêthèki | cipta ngrujit nala | nyênyêping tingal alindri | gurawa laya milua ||
15.09 kaniaya dhuh lae kangmas nêrpati | sun sidhêp ragèngwang | madêg ratu milu mukti | munduran têka milara ||
24–25 dari 106