Tembang macapat

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
15 dari 47
25–26 dari 106
246–255 dari 1.054
15.10 lah adèn kangmas Suryakusuma iki | sira awèh dosa | rama ibu tan tinolih | tingalana kadangira ||
15.11 sagotrahmu kakang padha dèn larani | marga dening sira | kumêndhus[1] rebut nêgari | kang kari kawêlasarsa ||
15.12 apa baya kakangmas nora angimpi | lamun kadangira | rama ibu dèn bêthèki [101: bê...thèki] | kakang ginawe tontonan ||
15.13 para lurah prasamya marêbês mili | kadi taranggana | sêsambat sajroning ati | dhuh Gusti tan wali sêja ||
15.14 pamênêr pada ukara kang kapusthi | ing dalu myang siyang | mangsuli gêng sihing gusti | satêmah papa kasmala ||
15.15 minta pamartaning Gusti Alah Kang Sih | mugi winalikna | Gustiku mêngkua bumi | walêsên kang siya-siya ||
15.16 kang rumêksa krêrig wong sak praja baris | ngalun-alun aglar | sagung kang para bupati | tugur sagêgamanira ||
15.17 wadyèng măncanêgara lawan pasisir | sikêping ayuda | srêsêk baris tanpa wilis | samya ngrês marma sêdaya ||
15.18 wong Kapugran kang samya dipun bêthèki | ngubêngi gustinya | brêrundhul myang pangot lading | datan kêna ingkang gawa ||
15.19 pirang dina tan ana nendra myang bukti | mung lare kang mangan | ingkang sêpuh-sêpuh sami | pan sami mucang kewala ||
25–26 dari 106

 


kumênthus (kembali)