Tembang macapat

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 47
53–54 dari 106
522–531 dari 1.054
26.18 wiyosing kang manira wèh uning | adhi marang jênêng pêkênira | manirarsa ngadêgake | ing Pangran Pugêr ratu | lamun sira adhi ngêboti | ing Rajèng Kartasura | mungsuh lawan ingsun | yèn sira tan munasika | pêsthi arja lah iku pilihên adhi | yèn kêna ingsun aman [141] ||
26.19 wus kêdhadha têmbunging kintaki | duta Sampang sampun ingangsulan | pinisalin sigra lèngsèr | tan kawarna ing ngênu | ing Mêdura sang duta prapti | lajêng tumamèng ngarsa- | nira pangran wau | duta manêmbah tur surat | angsul-angsul sangking Sang Wiranêgari | surat wus tinampanan ||
26.20 tinupiksa mutadaning tulis | kaatura kang sêmbah arinta | pun Wiranagra wiyose | kaaturèng pukulun | kakang êmas Sang Adipati | Sampang Anyakraningrat | paduka sung pemut | kangêmas dhatêng kawula | sak rèh tuwan arsa ngadêgkên narpati | ing sakarsa paduka ||
26.21 pan kawula kakang tan parduli | aran sami kang darbe nêgara | arêbut sami bangsane | singa kang dadi ratu | apan kula kangmas wong cilik | tan liyan Pasêdhahan | ingkang kula tunggu | pangeran suka miyarsa | tuwin sira Jangrana ing Surawèsthi | pangeran angandika ||
26.22 lah ta kakang wadya Surawèsthi | payo kakang siyagaèng bala | wong pasisir wetan kabèh | kêrigên ja na kantun | yèn amagok gêcêkên aglis | kakang nuli mantuka | dandana wadya gung | budhal Tumênggung Jangrana | sangking Sampang andalani ing Garêsik | ing Garêsik sêmana ||
26.23 apan sampun uninga ing warti | lamun balik Sang Dipati Sampang | ing Pangran Pugêr ujude | sumêdyèng băngga pupuh | ing Lamongan sampun akait | kawratan sihing nata | Kartasura agung | dadya samya pradandanan | bêdhug tiga Tumênggung Jangrana prapti | numpak sangking ing palwa [[142]] ||
26.24 kaèbêkan nêgari Garêsik | dening prajurit ing Surabaya | wadya ing Garêsik gègèr | aprang ing alun-alun | wong Garêsik wantuning kêdhik | karoban ing ayuda | prasamya lumayu | angêmbul lawan Lamongan | wadya Surabaya anglud anglurugi | kutha Lamongan bêdhah ||
26.25 sampun mantuk wadyèng Surawèsthi | Ki Jangrana praptèng Surabaya | aprêdandanan balane | wêtara tigang èwu | wadyèng Surabaya dèn ulig | binêkta mring Sêmarang | iku badhenipun | gantya ingkang kawuwusa | Kartasura sampun ingaturan warti | dirèng Pangran Nglamongan ||
26.26 yèn Pangeran Madura ambalik | tuwin Adipati Surabaya | wus angadêg gêgamane | wadyèng pasisir suyud | ingkang magok dipun gêcêki | lan malih ing Têtêgal | barise angrêgu | kanan kering ginêcêkan | sri narendra dukane yayah sinipi | kya patih tinimbalan ||
26.27 praptèng pura ngandika nêrpati | Sumabrata Sunarsa utusan | maring Sêmarang bêcike | mundhut bêburon ingsun | Paman Pugêr maring Kumpêni | arsa sun lurugana | apan wurung tamtu | kinukutan lawan nora | Sumabrata umatur lêrês narpati | suwawi utusana ||
53–54 dari 106