Tembang macapat

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 47
52–53 dari 106
517–526 dari 1.054
26.13 kadi dede cahyaning narpati | yèn kalane miyos sinewaka | lir Cina mulês wêtênge | datan adarbe kuwung | prak atine sampun ngunusi | sengohe wus lumajar | manise kaplayu | tan wontên mantranya lawan | kangjêng swargi rakanta [[140]: ra...kanta] sri narapati | salir solah bawanya ||
26.14 Pangran Sampang anuduhkên aglis | surat ingkang sangking ing Sêmarang | tinupiksa ing têmbunge | Dipatya Surèngkewuh | langkung tusthanira ing galih | Pangran Sampang ngandika | hèh kakang karsèngsun | aprêkara Surapatya | sun utusi aja obah aja osik | yèn nêdya têtulunga ||
26.15 marang Prabu Kartasura nuli | ingsun gêcak nagri Pasuruan | aja ngrêregoni gawe | nadyan mintara tèngsun | kakang marang nagri Sêmawis | yèn wis ing Pasuruan | karuwaning laku | matur Tumênggung Jangrana | inggih lêrês inggih anuntên suwawi | paduka utusana ||
26.16 wus akarya surat sang dipati | dan anuduh pra mantri sêkawan | mantri Surabaya roro | kanêm duta wotsantun | pangarsane ran Konangpasir | duta sampun umêsat | anumpak ing laut | ing ênu datan winarna | gancanging kang carita cundha wus prapti | nagri ing Pasuruan ||
26.17 wus katur mring Sang Wiranêgari | duta Sampang sigra tinimbalan | praptèng ngarsa tur surate | dan tinanggapan gupuh | tinupiksa sinukmèng galih | têmbunge kara-kara | salam donganingsun | rakanta Pangran Mêdura | Anyakrèngrat dhumatênga ingkang rayi | sang andon Pasêdhahan ||
26.18 wiyosing kang manira wèh uning | adhi marang jênêng pêkênira | manirarsa ngadêgake | ing Pangran Pugêr ratu | lamun sira adhi ngêboti | ing Rajèng Kartasura | mungsuh lawan ingsun | yèn sira tan munasika | pêsthi arja lah iku pilihên adhi | yèn kêna ingsun aman [141] ||
26.19 wus kêdhadha têmbunging kintaki | duta Sampang sampun ingangsulan | pinisalin sigra lèngsèr | tan kawarna ing ngênu | ing Mêdura sang duta prapti | lajêng tumamèng ngarsa- | nira pangran wau | duta manêmbah tur surat | angsul-angsul sangking Sang Wiranêgari | surat wus tinampanan ||
26.20 tinupiksa mutadaning tulis | kaatura kang sêmbah arinta | pun Wiranagra wiyose | kaaturèng pukulun | kakang êmas Sang Adipati | Sampang Anyakraningrat | paduka sung pemut | kangêmas dhatêng kawula | sak rèh tuwan arsa ngadêgkên narpati | ing sakarsa paduka ||
26.21 pan kawula kakang tan parduli | aran sami kang darbe nêgara | arêbut sami bangsane | singa kang dadi ratu | apan kula kangmas wong cilik | tan liyan Pasêdhahan | ingkang kula tunggu | pangeran suka miyarsa | tuwin sira Jangrana ing Surawèsthi | pangeran angandika ||
26.22 lah ta kakang wadya Surawèsthi | payo kakang siyagaèng bala | wong pasisir wetan kabèh | kêrigên ja na kantun | yèn amagok gêcêkên aglis | kakang nuli mantuka | dandana wadya gung | budhal Tumênggung Jangrana | sangking Sampang andalani ing Garêsik | ing Garêsik sêmana ||
52–53 dari 106