Tembang macapat

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 47
52–53 dari 106
512–521 dari 1.054
26.08 animbali mring para prajurit | wus angadêg baris ing Mêdura | apratăndha pêmbalike | Dipati Surèngkewuh | Ki Tumênggung [139: Tumêng...gung] Jangrana nênggih | apamit ing sang nata | linilan wus mantuk | sangking nagri Kartasura | pênyanane sang nata dadia tamping | tan nyana ngandhut wisa ||
26.09 pan sinêrod tan kawarnèng margi | lampahira Tumênggung Jangrana | sampun prapta ing nagrine | lagya kèndêl tri dalu | anèng nagri ing Surawèsthi | ajêng nabrang mring Sampang | andadèkkên rêmbug | wus panggih lawan Pangeran | Cakraningrat kalangkung suka ing galih | ngacaran mring pahêman ||
26.10 lajêng dhêdharan ngiras apikir | angandika Pangeran Mêdura | ing bratya[1] Surabayane | kakang onêng kalangkung | ingsun maring ing sira watir | mênawa kawêdaka | ing sasolah iku | matur Tumênggung Jangrana | sakêlangkung gèn kawula ngati-ati | upami sinikara ||
26.11 pan akathah tiyang Surawèsthi | kalih èwu kang têngga kawula | prasamya ti-ati mawon | pami kalingkab ulun | dèn prugula dera narpati | pêsthi adamêl susah | wong Surabaya gung | ingamuka pêsthi bubrah | dèn lêmbata kawula sampun ngatyati | sabên-sabên aseba ||
26.12 duk rakanta pangran lalos latri | katujune kawula dinuta | kinarya senapatine | nututi lampahipun | sira pangran gumujêng bêlik | dilalah karsaning Ywang | rahayu ing laku | matur Tumênggung Jangrana | sri narendra kawula sawang ing mangkin | cahyane sampun biyas ||
26.13 kadi dede cahyaning narpati | yèn kalane miyos sinewaka | lir Cina mulês wêtênge | datan adarbe kuwung | prak atine sampun ngunusi | sengohe wus lumajar | manise kaplayu | tan wontên mantranya lawan | kangjêng swargi rakanta [[140]: ra...kanta] sri narapati | salir solah bawanya ||
26.14 Pangran Sampang anuduhkên aglis | surat ingkang sangking ing Sêmarang | tinupiksa ing têmbunge | Dipatya Surèngkewuh | langkung tusthanira ing galih | Pangran Sampang ngandika | hèh kakang karsèngsun | aprêkara Surapatya | sun utusi aja obah aja osik | yèn nêdya têtulunga ||
26.15 marang Prabu Kartasura nuli | ingsun gêcak nagri Pasuruan | aja ngrêregoni gawe | nadyan mintara tèngsun | kakang marang nagri Sêmawis | yèn wis ing Pasuruan | karuwaning laku | matur Tumênggung Jangrana | inggih lêrês inggih anuntên suwawi | paduka utusana ||
26.16 wus akarya surat sang dipati | dan anuduh pra mantri sêkawan | mantri Surabaya roro | kanêm duta wotsantun | pangarsane ran Konangpasir | duta sampun umêsat | anumpak ing laut | ing ênu datan winarna | gancanging kang carita cundha wus prapti | nagri ing Pasuruan ||
26.17 wus katur mring Sang Wiranêgari | duta Sampang sigra tinimbalan | praptèng ngarsa tur surate | dan tinanggapan gupuh | tinupiksa sinukmèng galih | têmbunge kara-kara | salam donganingsun | rakanta Pangran Mêdura | Anyakrèngrat dhumatênga ingkang rayi | sang andon Pasêdhahan ||
52–53 dari 106

 


Variasi: brêtya (dan di tempat lain). (kembali)