Tembang macapat

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 47
86–87 dari 106
854–863 dari 1.054
38.19 Ngabèi Martayuda kang nami | pinundhut sang katong | pan kinarya carik pakaryane | sakalanira sri narapati | dèrèng gadhah carik | puniku tinuduh ||
38.20 darbe somah ayu rungih kuning | sangking Gêbanganom | apan lagya kalih atmajane | tan kêlar nyandhang rasaning ati | asmara putra ji | kang binagus-bagus ||
38.21 datan liyan Pangeran Dipati | Mêngkunêgara Nom | juwêt mulat linanggatan sire | malah kacatur wus urup rêsmi | grêgêtên ing galih | binonjèng dyah ayu ||
38.22 nanging mangke koncatan ing liring | dènnya kèh pakewoh | kasêrandu ing wadyang[1] prang rame | mangkya angot kasèbêt ing liring | kambuh umulat ing | sang bêksa duk nayub ||
38.23 ingkang kinarya dhadhaning nyilib | nênggih lanang wadon | bapak jarêm pan magêrsarine | kakung kang priya èstri samyèstri | milane pêkolih | ri sêdhêng ing dalu ||
38.24 ingkang raka Martayuda kêmit | pasanggrahan katong | kang tinilar maharjèng gêlunge | wus ubaya tan cidra dhatêngi | katuju kang kêmit | mantuk dalu-dalu ||
38.25 wus kacirna[2] ywan pangran dipati | dadya wêdi alok | dhèhèm-dhèhèm jêng pangran wus anglès | malbèng wisma Martayuda runtik | pinala kang èstri | gya tinilar turu ||
38.26 Bok Martayuda nêdya angungsi | pasanggrahan katong | lumampah biru èrêm srirane | prapta ing jro marêk narèswari | gugup aningali | wau kangjêng ratu [189] ||
38.27 dinangu matur miruda rêsmi | lan kang putra cêlor | kangjêng ratu matur ing sang rajèng | langkung ngungun wau sri bupati | angrênggani adil | panjênêngan ngratu ||
38.28 Panêmbahan gupuh dèn timbali | sampun prapta ing jro | kangjêng suhunan pangandikane | yayi mas mulane ngong timbali | anakmu dipati | culika ing laku ||
86–87 dari 106

 


wadyèng. (kembali)
kacurna. (kembali)