Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
41–42 dari 234
241–242 dari 1.487
2.404–2.413 dari 14.865
041.077 nuntên kang rayi sinung kêkasih | jumênênga Pangeran Juminah | anuntên wau arine | kang badhe madêg ratu | Panêmbahan Karapyak nênggih | anuntên arinira | ing kêkasihipun | ya Pangeran Pringgalaya | wontên dene kang rayi èstri kêkalih | sampun sami akrama ||
041.078 jênêng Radèn Dêmang Tanpanangkil | nuntên arine kalih punika | Têpasana kêkasihe | têlas jinunjung lungguh | ingkang paman sinung kêkasih | Dipati Măndaraka | mangkana winuwus | Adipati ing Banawa | kang jumênêng susunan ing Pajang nênggih | sataun laminira ||
041.079 nyandhak gêrah sangêt ing kêkêling | datan kenging wau ingusadan | kalangkung sangêt gêrahe | para niyaka rêmbug | atur uning ing Senapati | yèn ingkang rayi gêrah | sangêt datan emut | nulya wau aputusan | mantri Pajang lumajêng dhatêng Matawis | lampahira akêbat ||
041.080 duta Pajang rawuh ing Matawis | wus apanggih lawan Senapatya | duta wus katur ature | nuntên susulan rawuh | saking Pajang atur upêksi | yèn kang rayi wus seda | kalangkung gêgêtun | akathah ingkang karasa | Senapati waspanira [6: 26: waspa...nira] adrês mijil | dening kang rayi seda ||
041.081 duta Pajang anêmbah nulyamit | sabature lampahe akêbat | rawuh ing Pajang enjinge | apan pinêtêk sampun | ya sigêgên datan winarni | Senapati Ngalaga | kang ganti winuwus | sampune ing pitung dina | karsanira Senapati ing Matawis | ingkang rayi ingangkat ||
041.082 Pangeran Tumênggung Gagakbahni | tinanêm anèng nagara Pajang | sampun atêtêp linggihe | mantri punggawa suyud | atanapi punggawa cili | ing Pajang wus atata | kadi duk karuhun | tan owah ingkang parentah | karanipun sitinggil kilèn puniki | tan purun sêsamanya ||
041.083 wêwangunan Sultan Pajang nguni | sakathahe wawêngkon ing pura | ginêmpur lêmahdhuwure | myang pasareanipun | dèn ingêr ing wetan puniki | ênggènira awisma | pangeran tumênggung | sakilèn ing kitha Pajang | na astana mukmin saking Arab singgih | mila kitha ingêlar ||
041.084 linêbokkên astana puniki | jroning kitha karsane punika | ingambil sawab barkate | dening pangran tumênggung | purwanipun batane nguni | patute kitha Pajang | pasagi rumuhun | pangeran tumênggung seda | tan warnanên lamine dènira lalis | pinêtêk ing Mataram ||
041.085 ing dagane Ki Agêng Matawis | ingkang rama anênggih punika | sakilèn masigit gêdhe | ênggènira kinubur | nagarane ing Pajang iki | kagêntosan punika | nênggih wastanipun | pangeran ing Pajang ika [6: 27] | wus alama samana sampun apanggih | nêmbang durma ing ngarsa ||
42. Durma
042.001 ênêngakna ing Pajang dyan kang kocapa | nagara ing Matawis | sampun awibawa | Senapati Ngalaga | miyos sineba ing mantri | kang para putra | santana sami nangkil ||
241–242 dari 1.487