Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 234
21–22 dari 1.487
202–211 dari 14.865
006.015 ing Parambanan wismanirèki | iya iku ta Sang Ratu Baka | Tunggulmêtung sumêndhine | andèrès rêmênipun | dadya ratu wong karya nguni | Rêsi Gathayu ika | nênggih kang waruju | arêmên sabèng paseban | pan jumênêng ratu ing Koripan nênggih | anggêntosi kang rama ||
006.016 sakathahe sanak papat iki | sami asok bulu bêktinira | glondhong pangarêng-arênge | maring Rêsi Gathayu | kang jumênêng Koripan nguni | Rêsi Gathayu ika | lêlima kang sunu | pambayun Rara Suciyan | iya Kili panggulu Miluhur nênggih | iya Natèng Jênggala ||
006.017 panêngahe Lêmbupêtêng nênggih | iya iku ta Sang Natèng Daha | Lêmbupangarang arine | iya kang dadi ratu | ing Gêgêlang kalane dhihin | Ni Ragil Prêgiwăngsa | pan akrama antuk | nênggih Lêmbuamijaya | kang jumênêng ratu anèng [1: 39: a...nèng] Singasari | duk Jawa pinăncapat ||
006.018 Lêmbumiluhur aputra Panji | ingkang dadya wau somahira | Kèn Căndrakirana rane | putri Daha kang sêpuh | Radèn Galuh pêparabnèki | Radèn Panji pêputra | Dalalean iku | jumênêng ing Pajajaran | nulya pêputra Radèn Banjaransari | anulya apêputra ||
006.019 akêkasih Radyan Mundhingsari | Radèn Mundhingsari apêputra | Radèn Mundhingwangi rane | Mundhingwangi asunu | gih Sang Ra[...][1] Pamêkas nênggih | punika apêputra | Arya Bangah sêpuh | tinandur ing Galuh ika | Ki Susuruh ginadhang jumênêng aji | ana ing Pajajaran ||
4. Lêlampahanipun Siyungwanara
006.020 datatita jênênging narpati | Pajajaran nênggih kang winarna | wontên kang tinutur malèh | wontên jênêngan wiku | atêtapa ana ing ardi | kilèn ing Pajajaran | prênahe dhêdhukuh | nama Ki Ajar Capaka | patapane lèr kilèn saking ing ardi | gunung ing Pajajaran ||
006.021 pan uwus kalokèng praja salwir | ywan Ki Ajar tasdik ing paningal | wruh sadurunging binadhe | pan wus katur sang prabu | yèn Ki Ajar kuncara tasdik | samana sri narendra | ngandika smu bêndu | dhatêng rêkyana apatya | hèh apatih ingsun akarsa ngyêktèni | mring Si Ajar Capaka ||
006.022 lah agya pasangana tumuli | ya pawèstri sêsêngkêran ingwang | dèn kadya wawrat tingkahe | wus kapasangan wau | apan bokor kinarya sandi [1: 40] | kinayutakên têngah | sininjangan sampun | saha kasêmêkanira | wusnya samar wus pindha dyah anggarbini | sang nata gya umojar ||
006.023 lah uwis umangkata dèn aglis | iku parakênèng Si Capaka | nulya ge kita kon badhe | jalu myang èstrinipun | yèn kajawab dera wèh sandi | satuhu yèku awas | ran Capaka wiku | sèstu olih sihing dewa | gya umangkat apatya datan kawarni | ring awan uwus prapta ||
006.024 ring ngarsanya Ki Ajar tumuli | rakyana patih sigra angatag | ambadhea bêbêktane | Ki Ajar gya sumaur | asmu sêndhu saurirèki | hèh kiyai andika | dahat tambung laku | apan ingong iki mudha | dahat tan wruh ambadhya garbini iki | pan kadya rare kita ||
21–22 dari 1.487

 


Teks asli tidak terbaca: Ratu. (kembali)