Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 234
24–25 dari 1.487
235–244 dari 14.865
006.048 kae Jaka sira angling aris | kaki buyut punapi punika | kang lwir manuswa warnane | angingkrang linggihipun | kyai buyut ika nauri | ingaranan wanara | Ki Jaka amuwus | lan maninge ika apa | kang anèng pang manuk jamang dening luwih | bagus kaki rupanya ||
006.049 kyai buyut ika anauri | pêksi siyung arane punika | Ki Jaka aris wuwuse | yèn mangkono ki buyut | sun angalih aran ing mangkin | iya Siyungwanara | kaki aran ingsun | ki buyut ngamini sira | ya ta ngucap Siyungwanara lah ngêndi | wismane sanakira ||
006.050 kyai buyut èmêng ing jro ngati | dening kabutuh dènya adora | dadya amicarèng tyase | lah bok iyaa ingsun | sun salimpangênèku malih | rare măngsa wêruha | dadya sira muwus | bagus pasanakan ingwang | uwus ngalih saking ing wana ing ngriki | awisma anèng praja ||
006.051 pagaweyane apandhe wêsi | karya sanjatanira sang nata | ing Pajajaran ing mangke | Siyungwanara wau | sakalangkung bungah ing ati | miyarsa tuturira | kang rama [1: 46: ra...ma] ki buyut | dene angucap Sang Nata | Pajajaran Ki Jaka rêsêp ing ati | angrasa wruh ing praja ||
006.052 kae Jaka anulya ngling aris | anêdha kaki jinujul pisan | sanakira iku mangke | pangrasane tyas ingsun | kaya rêke nora atêbih | wismane sanakira | lan sudarmaningsun | ya ta sira sami mangkat | wong kêkalih saking ing wana sira glis | sira prapta ing praja ||
006.053 nulya dhatêng kapandheyan aglis | Kyai Êmpu kapanggih alênggah | ana ing pabasalène | lagya pêpandhe wau | nulya sira anapa aris | kakang dawêg katuran | ing sarawuhipun | lwir ulam srambahan toya | tyas kawula kadya katibanan sasi | ing sarawuh andika ||
006.054 baya wontên karya kang agati | atanapi mundhut abah-abah | kudhi pacul myang linggise | tatah pêthèl lan wadung | lading gobang pangot lan sêking | pecok wangkil lan jara | wêdhung miwah prêkul | kawula dhatêng sumăngga | pan akathah kagêngan dika puniki | myang warni dhuwung pêdhang ||
006.055 pan akathah sarta warni-warni | yèn pundhutên kawula sumăngga | tan angraos adêdarbe | angling kiyai buyut | lah anêdha manira yayi | ing sih pracayanira | yayi praptaningsun | taha nêdha adandanan | apan boya mila sun prapta ing ngriki | angatêr anak para ||
006.056 arsa panggih kalawan sirèki | anak para Ki Siyungwanara | Kyai Pandhe wruh sêmune | ingsun tinggal [1: 47: ting...gal] puniku | datan suprih anambut kardi | dimèn tutug dolanan | ing sakarsanipun | Kyai Buyut ing Karawang | nulya mantuk tan warnanên sampun lami | Jaka Siyungwanara ||
006.057 tumut sêsinau pandhe wêsi | aparon dhêngkul apukul tangan | asêsupit darijine | sakèhing para êmpu | kapandhean cingak ningali | maring Siyungwanara | ing kasêktènipun | lami-lami pan kasusra | sanagari yèn Ki Êmpu putranèki | asêkti mahambara ||
24–25 dari 1.487