Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 234
25 dari 1.487
241–250 dari 14.865
006.054 baya wontên karya kang agati | atanapi mundhut abah-abah | kudhi pacul myang linggise | tatah pêthèl lan wadung | lading gobang pangot lan sêking | pecok wangkil lan jara | wêdhung miwah prêkul | kawula dhatêng sumăngga | pan akathah kagêngan dika puniki | myang warni dhuwung pêdhang ||
006.055 pan akathah sarta warni-warni | yèn pundhutên kawula sumăngga | tan angraos adêdarbe | angling kiyai buyut | lah anêdha manira yayi | ing sih pracayanira | yayi praptaningsun | taha nêdha adandanan | apan boya mila sun prapta ing ngriki | angatêr anak para ||
006.056 arsa panggih kalawan sirèki | anak para Ki Siyungwanara | Kyai Pandhe wruh sêmune | ingsun tinggal [1: 47: ting...gal] puniku | datan suprih anambut kardi | dimèn tutug dolanan | ing sakarsanipun | Kyai Buyut ing Karawang | nulya mantuk tan warnanên sampun lami | Jaka Siyungwanara ||
006.057 tumut sêsinau pandhe wêsi | aparon dhêngkul apukul tangan | asêsupit darijine | sakèhing para êmpu | kapandhean cingak ningali | maring Siyungwanara | ing kasêktènipun | lami-lami pan kasusra | sanagari yèn Ki Êmpu putranèki | asêkti mahambara ||
006.058 lan baguse lêwih ingkang warni | anglir Dewa Hyang-Hyang Kamajaya | apêkik anom dhasare | sumrêg kathah kang rawuh | anênonton ing sang apêkik | sakèhe kang tumingal | rasa-rasa[1] mantuk | wênèh ana nginèp pisan | kang sawênèh ana milu nglêladèni | dènya pandhe Ki Jaka ||
006.059 sêsêk jêjêl kang wong nêningali | kang tan antuk ing panggenanira | mêmènèk kêkayon bae | pagêre Kyai Êmpu | lêbur dening wong nêningali | rusak pawismanira | tanêm tuwuh gêmpur | Ki Êmpu pangucapira | ing wong kathah sadayane kang ningali | padha wèha balănja ||
006.060 kang somahan padha sun jaluki | ngalih reyal răndha tigang reyal | walanjar patang reyale | kang parawan puniku | pitung reyal ingsun jaluki | dhudha lawan pra jaka | samya ngênêm suku | sakathahe wong tumingal | ananggupi nini-nini dèn jaluki | wong roro sangang reyal ||
006.061 lan nyênyamikane aywa [1: 48: a...ywa] kari | wong sijine samya nyarampadan | bêborèh sarta sêkare | myang damar malamipun | lamun dalu obor nyatunggil | samya sanggup sadaya | malah samya muwus | manawi wontên pundhutan | saliyane andika ucapkên malih | ecaa budidaya ||
006.062 wus alami Ki Jaka ing mangkin | samana arsa dhatêng ing pasar | Ki Pandhe ngampah karsane | sira midhanga besuk | lamun barêng kalawan mami | sarya dol kalithikan | mênêng sang abagus | ya ta prapta ing samaya | nulya mêdal ing lêlurung sang apêkik | paranipun mring pasar ||
006.063 kae Jaka iya amulat ing | gajah ginuyang Ki Jaka tanya | baya ika pa arane | ingkang agêng ngragunuk | kae Êmpu lingira aris | bagus ika ran gajah | wahananing ratu | ri kang liman gya umulat | mring Ki Jaka adoh pinalaywan aglis | prapta mêndhak ing ngarsa ||
25 dari 1.487

 


ras-arasên. (kembali)