Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 234
25–26 dari 1.487
245–254 dari 14.865
006.058 lan baguse lêwih ingkang warni | anglir Dewa Hyang-Hyang Kamajaya | apêkik anom dhasare | sumrêg kathah kang rawuh | anênonton ing sang apêkik | sakèhe kang tumingal | rasa-rasa[1] mantuk | wênèh ana nginèp pisan | kang sawênèh ana milu nglêladèni | dènya pandhe Ki Jaka ||
006.059 sêsêk jêjêl kang wong nêningali | kang tan antuk ing panggenanira | mêmènèk kêkayon bae | pagêre Kyai Êmpu | lêbur dening wong nêningali | rusak pawismanira | tanêm tuwuh gêmpur | Ki Êmpu pangucapira | ing wong kathah sadayane kang ningali | padha wèha balănja ||
006.060 kang somahan padha sun jaluki | ngalih reyal răndha tigang reyal | walanjar patang reyale | kang parawan puniku | pitung reyal ingsun jaluki | dhudha lawan pra jaka | samya ngênêm suku | sakathahe wong tumingal | ananggupi nini-nini dèn jaluki | wong roro sangang reyal ||
006.061 lan nyênyamikane aywa [1: 48: a...ywa] kari | wong sijine samya nyarampadan | bêborèh sarta sêkare | myang damar malamipun | lamun dalu obor nyatunggil | samya sanggup sadaya | malah samya muwus | manawi wontên pundhutan | saliyane andika ucapkên malih | ecaa budidaya ||
006.062 wus alami Ki Jaka ing mangkin | samana arsa dhatêng ing pasar | Ki Pandhe ngampah karsane | sira midhanga besuk | lamun barêng kalawan mami | sarya dol kalithikan | mênêng sang abagus | ya ta prapta ing samaya | nulya mêdal ing lêlurung sang apêkik | paranipun mring pasar ||
006.063 kae Jaka iya amulat ing | gajah ginuyang Ki Jaka tanya | baya ika pa arane | ingkang agêng ngragunuk | kae Êmpu lingira aris | bagus ika ran gajah | wahananing ratu | ri kang liman gya umulat | mring Ki Jaka adoh pinalaywan aglis | prapta mêndhak ing ngarsa ||
006.064 tulalya sah ya tininggil-tinggil | yèn janmaa gajah ika ngucap | dhuh gustingong kita anggèr | lah yogya sang abagus | manitiha ing gigir mami | lah dawêg ulun bêkta | malêbwèng kadhatun | cundhuka ing yayah kita | uwus pasthining dewa kita gêntosi | Nata ing Pajajaran ||
006.065 gya ingusap gadhinge kang èsthi | iya maring Sang Siyungwanara | ri sampuning ngusap rêke | Ki Jaka nulya mantuk | kang wong sami cingak mulat ring | Risang Siyungwanara | ri satingkahipun | Ki Êmpu atêbah jaja | dahat ajrih lingira saha smu tangis | dhuh sutèng ulun [1: 49: u...lun] nyawa ||
006.066 lah pagene kita wani-wani | dadya apa yèn kadêngangana | mring sang nata kita anggèr | pasthi dadya sapikul | mukanira kalawan mami | ênêngakêna sira | kocapa Sang Prabu | ing Pajajaran sineba | dening bala angadu wong pêrang tandhing | galaganjur kang munya ||
006.067 piniyarsa ngrêrantêg ngrêrangin | saha suraknya mangambal-ambal | Ki Jaka amit ngramane | pan akarsa andulu | mring paseban wong aprang tandhing | ingampah datan kêna | mring Rama Ki Êmpu | nanging Ki Siyungwanara | dahat mêksa Ki Êmpu sangêt malangi | lah bagus aywa lunga ||
25–26 dari 1.487

 


ras-arasên. (kembali)