Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 234
20–21 dari 1.487
192–201 dari 14.865
006.005 kaping tri ing Kabarehan iki | kang kaping caturnya ing Lodhaya | lan malih kaping pancane | iyèng Kuwubalêdhug | kaping sade Saptawaringin | saptèng Kayulandheyan | kaping asthanipun | iya ri kang aran Roban | wruhanira iku purane ing benjing | Wisnu suta putunya ||
006.006 anging wêkas ingong kita benjing | iya ri sawuri-wuriningwang | suta putu kita kabèh | ri kang umadêg ratu | ning lêlêmbut manuta benjing | ya ring suta putunya | ratu manuswèku | iya pa sapakartinya | dèn êtuta aywa ta iku dèn dohi | myang yèn amanggih karya ||
006.007 lah Ki Wisnu tumuruna kaki | myang sutaningsun Bathara Brama | turuna madyèng padane | kita madêga ratu | ngadhatwana ing Gilingwêsi | lah gumantyaa kita | Risang [1: 37: Ri...sang] Watugunung | kita nêdhakêna nata | nuswa Jawa tumulya samya ngastuti | têdhak mring madyapada ||
006.008 nèng madyapada wus madêg aji | Bathara Wisnu dadya narendra | siniwèng lêlêmbut kabèh | muwah Hyang Brama uwus | madêg ratu janma anênggih | Gilingwêsi puranya | nuswa Jawa nungkul | ri sampuning lama-lama | apêputra sang prabu pan miyos èstri | Ni Bramani kang nama ||
006.009 Ni Bramani Tritrustha putrèki | Tritrustha aputra Parikênan | Sang Parikênan putrane | Manumanasa iku | Sang Manumanasa putrèki | aran Satrukêm[1] ika | Satrukêm asunu | Sakri namaning atmaja | Sang Hyang Sakri Palasara putranèki | Palasara aputra ||
006.010 Bagawan Abiyasa putrèki | nulya putra Pandhudewanata | ing Ngastina nagarane | wus alama asunu | Sang Arjuna ingkang kêkasih | Sang Arjuna pêputra | nama Abimanyu | samana pralinèng rana | tilar garwa anuju sêpuh garbini | miyos jalu kang putra ||
006.011 ajêjuluk Raja Parikêsit | iya ing Ngastina prajaneka | Sang Yudayana putrane | Yudayana asunu | Gêndrayana ingkang wêwangi | aputra Jayabaya | sirna nagarèku | Sang Jayabaya pêputra | kang nama Sang Jayamijaya putrèki | putra Jayamisena ||
006.012 Jayamisena putranirèki | kang mangaran Kusumawicitra | Ki Citrasoma putrane | Citrasoma asunu | Păncadriya ingkang wêwangi | aputra Anglingdriya | punika asunu | Sang Raja [1: 38] Suwelacala | pan jumênêng narendra ing tanah Jawi | ya ing Purwacarita ||
006.013 Raja Selacala iku nênggih | apêputra Srimapunggung ika | Jugulmudha pêpatihe | Srimapunggung asunu | Kandhihawan ingkang wêwangi | apêpatih Kunthara | Kunthara puniku | iya anak Jugulmudha | Kandhihawan lêlima putranirèki | Ki Panuhun pangarsa ||
006.014 karêmêne rêke among tani | dadi ratuning wong tani ika | awisma anèng Bagêlèn | Sandhanggarba panggulu | karêmêne adagang nênggih | dadya ratu sudagar | Jêpara wismèku | panêngahe Karungkala | karêmêne sabèng wana apan dadi | tuwaburu ratunya ||
20–21 dari 1.487

 


Sakutrêm (dan di tempat lain). (kembali)