Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 234
26–27 dari 1.487
255–264 dari 14.865
006.068 tanbuh nyawa kang sira tingali | dudu layak tontonaning bocah | yèn ratu kasukan rêke | papak kunêng ing kewuh | apan sira maksih acilik | durung wruh ing dêduga | angling sang abagus | ngong palangana malumpat | ingong bapa dhadhungên amêdhot ugi | Ki Jaka sigra kesah ||
006.069 kapiandhêm palayunirèki | Siyungwanara dhatêng pasowan | ya ta prapta tan asuwe | ing prênahe sang prabu | nulya sira jajar alinggih | lawan sri naranata | pan tan ana wêruh | Siyungwanara tumulya | mring kadhaton kandhêg balesawo nênggih | rêmên sira tumingal ||
006.070 apan ta balesawo ing nguni | yèn ginêpok kadya găng sarancak | punika găngsa ginawe | ya ta sang rajasunu | duk alinggih ing bale adi | umyung ing swaranira | wau sang aprabu | eca dènira kasukan | kagyat myarsa lamun [1: 50: lamu...n] balesawo muni | kèhing bala garjita ||
006.071 lawan gègère sakwèh wong puri | amiyarsa balesawo munya | sang nata duka dan linge | hèh sapa purun-purun | anggêpoka ing bale mami | hèh mantri jêro sira | lah cêkêlên gupuh | kang ganggu kagungan ingwang | miwah kapêdhak milua anyêkêli | sigra samya malaywa ||
006.072 sigra praptèng jro bale tumuli | Siyungwanara kapanggih sira | sêsarean anèng bale | ya ta agya tinubruk | cinêkêlan ing para mantri | jêro miwah kapêdhak | kêbat sarirèku | ya ta Ki Siyungwanara | gya akirig saha apêtak sira glis | mantri pating palêsat ||
006.073 samya têmpuh wak rowangirèki | ana putung balunge sukunya | wênèh kang rêmêk igane | sêmpal baunirèku | ilat mele mata mandêlik | ana pêcah mukanya | wênèh ana lampus | sakarine ingkang pêjah | pan malayu ya ta ngungsi ring narpati | samya tur pêjah gêsang ||
006.074 sri narêndra ngandika smu runtik | kang ana ring baleningwang ika | bocah ngêndi pangakune | inggih ing aturipun | Kapandheyan wismanirèki | anake Êmpu Lurah | wau sanggupipun | ya ta ngandika sang nata | lah timbalana Si Êmpu Lurah aglis | Ki Êmpu sigra prapta ||
006.075 sri narendra sigra dènira ngling | hèh pandhe sapa kang duwe anak | wani-wani gêpok bale | lan sapa aranipun | punang pandhe umatur aris [1: 51] | inggih anak kawula | punika ranipun | pun Jaka Siyungwanara | angandika sang nata arum amanis | timbalana nakira ||
006.076 Ki Êmpu sigra angandikani | mring anak aran Siyungwanara | nulya prapta tan asuwe | ing ngayunan alungguh | sri narendra angandika ris | iku nakira dhawak | pun pandhe umatur | inggih sutèng ulun dhawak | sang nata ngling duk kapan măngsa sirèki | yèn aduwea anak ||
006.077 apan ingsun lawase udani | lamun kita aduwea anak | pun pandhe atur sêmbahe | inggih rêke pukulun | sayêktose gyan amba manggih | sang prabu angandika | nakira sun pundhut | pun pandhe atur sumăngga | duk samana tinumutakên sira glis | ing rare panakawan ||
26–27 dari 1.487