Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 234
27–28 dari 1.487
263–272 dari 14.865
006.076 Ki Êmpu sigra angandikani | mring anak aran Siyungwanara | nulya prapta tan asuwe | ing ngayunan alungguh | sri narendra angandika ris | iku nakira dhawak | pun pandhe umatur | inggih sutèng ulun dhawak | sang nata ngling duk kapan măngsa sirèki | yèn aduwea anak ||
006.077 apan ingsun lawase udani | lamun kita aduwea anak | pun pandhe atur sêmbahe | inggih rêke pukulun | sayêktose gyan amba manggih | sang prabu angandika | nakira sun pundhut | pun pandhe atur sumăngga | duk samana tinumutakên sira glis | ing rare panakawan ||
006.078 lami-lami dènira angabdi | Siyungwanara asring kinon prang | ambêdhah nagara lyane | pisan pindho ping têlu | apan mênang dènira jurit | ngaturakên bongkokan | saboyonganipun | katur dhumatêng sang nata | sakalangkung asangêt sihing narpati | dhatêng Siyungwanara ||
006.079 saking sangêt sihingrèng[1] narpati | kala samana Siyungwanara | saya katingal sêktine | apan saya kalangkung | pasihane sri narapati | datan kêna sinuda | dhatêng sang abagus | antuk pangawulanira | mring sang nata sinêngkakakên ing nginggil | jinunjung saking ngandhap ||
006.080 pan kinulawisudha sira glis | Siyungwanara jinunjung lênggah | ngaran Arya Banyakwidhe | salêksa [1: 52] linggihipun | pinatêdhan kandhaga rukmi | ingakên putranira | alêlamak babud[2] | adalêm saloring pasar | kinawênangakên ing sore siniwi | anabuh lokananta ||
006.081 lan winênang anrapakên adil | wong dêdosan ingkang ukum lara | miwah ing ukum pêjahe | tan kocap laminipun | Arya Banyakwidhe turnya ris | dhatêng sri naranata | suwawi pukulun | kang abdi pandhe sadaya | ulun suwun akaryaa sanjata di | karya dandanan ing prang ||
006.082 dyan pinatêdhakakên sakwèhing | pandhe dhumatêng wau Ki Arya | ya ta wus rinèh gawene | Ki Arya lingnya arum | suta wangsaningong sakwèhning | ulun kinaryakêna | kunjara wêsiku | sadina mêngko dadia | sakwèh pandhe sadaya samya nanggupi | aturipun sandika ||
006.083 tan antara sakwèh karya sami | adamêl gêdhong wêsi saksana | nulya dadi tan asuwe | apan winèhan sampun | kang lêlangse Mandhalagiri | pêpajangan gumêbyar | kinasuran babud | gêguling sutra diwangga | tutup kaca gănda mri[3] yèn tinon asri | lwir kaswargan ing donya ||
006.084 sêdhêng karya têkaa ajurit | nulya umatur dhatêng sang nata | mangkana wau ature | kawula darbe kaul | lamun ulun mênang ajurit | angaturi patikbra | adhahar anayub | wontên ing wisma kawula | sri narêndra wau dhatêng anjurungi | iya dhihin muliha ||
006.085 dene ing mêngko ingsun nututi [1: 53] | sumusul marang ing wismanira | Ki Arya sigra ulihe | ya ta datan adangu | sri narendra tumutur nuli | wus rawuh ing karian | akasukan nutug | ya ta wuru-wuru dawa | sri narendra aningali gêdhong wêsi | asri tur pinapajang ||
27–28 dari 1.487

 


sihirèng. (kembali)
babut (dan di tempat lain). (kembali)
mrik. (kembali)