Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6–7 dari 234
27–28 dari 1.487
270–279 dari 14.865
006.083 tan antara sakwèh karya sami | adamêl gêdhong wêsi saksana | nulya dadi tan asuwe | apan winèhan sampun | kang lêlangse Mandhalagiri | pêpajangan gumêbyar | kinasuran babud | gêguling sutra diwangga | tutup kaca gănda mri[1] yèn tinon asri | lwir kaswargan ing donya ||
006.084 sêdhêng karya têkaa ajurit | nulya umatur dhatêng sang nata | mangkana wau ature | kawula darbe kaul | lamun ulun mênang ajurit | angaturi patikbra | adhahar anayub | wontên ing wisma kawula | sri narêndra wau dhatêng anjurungi | iya dhihin muliha ||
006.085 dene ing mêngko ingsun nututi [1: 53] | sumusul marang ing wismanira | Ki Arya sigra ulihe | ya ta datan adangu | sri narendra tumutur nuli | wus rawuh ing karian | akasukan nutug | ya ta wuru-wuru dawa | sri narendra aningali gêdhong wêsi | asri tur pinapajang ||
006.086 warna endah swaranya kumrincing | pintunira mênga minêb dhawak | lwir yasèng dewa polahe | angandika sang prabu | hèh Ki Arya karya pa iki | anjênêngakên kita | ya gêdhong wêsiku | dening endah warnaneka | Radèn Arya Banyakwidhe matur aris | kinarya patilêman ||
006.087 sri narendra rêmên aningali | apan rêsêp ika wardayanya | sang nata sigra dan linge | apa wahananipun | kita rêmên sare ing ngriki | dyan umatur Ki Arya | rikalane lêsu | dumados sêgêr manahnya | yèn agêrah matêmahan dados atis | ywan atis dados gêrah ||
006.088 yèn sakit têmah waluya jati | yèn lêsu sêgêr têmahaneka | luwe warêg ing têmahe | sang nata ngandika rum | yèn mangkono aturirèki | Arya abêcik uga | paturonirèku | kang arupa gêdhong waja | yèn mangkono ingsun arsa anglêboni | sira angungkurêna ||
7. Pangkur
007.001 hèh Arya yèn sira suka | ngong asare ing gêdhongira iki | sadina wak ngong marlêsu | Ki Arya tur sumăngga | pan kawula taman rumaos gêgadhuh | saksana sri naranata | lumêbwèng kunjara wêsi ||
007.002 agya nulya inginêban [1: 54: inginê...ban] | kang panjara apan sampun kinunci | gya binêktarsa linabuh | maring kali Karawang | sri narendra sakalangkung dening bêndu | Arya apa dosaningwang | ngong kita labuh ing kali ||
007.003 Banyakwidhe saurira | iya ingsun dhingin duk maksih alit | apan ingsun sira labuh | anèng kali Karawang | sayêktine ing mêngko kita ngong labuh | ingsun amalês ing sira | sapa utang naur malih ||
007.004 wus linabuh sri narendra | anèng kali Karawang wus kabasmi | wontên ta lêlurahipun | têtiyang angandhaga | dyan lumayu umatur Radèn Susuruh | nênggih radèn rama kita | binasmi sampun ngêmasi ||
27–28 dari 1.487

 


mrik. (kembali)